Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 58

Yérusalèm Dihancurké

Yérusalèm Dihancurké

Wong Yéhuda wis bola-bali ora manut Yéhuwah lan nyembah allah-allah palsu. Tapi, Yéhuwah terus mbantu wong-wong kuwi. Liwat nabi-nabi, Yéhuwah ngongkon wong Yéhuda mertobat. Tapi, wong-wong kuwi ora gelem. Wong-wong kuwi malah ngécé nabi-nabiné Yéhuwah. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah?

Raja Babilon sing jenengé Nébukhadnézar wis ngalahké akèh bangsa. Wektu pertama kali ngalahké Yérusalèm, dhèwèké nangkep Raja Yéhoyakhin, para pejabat, pejuang, lan pengrajin. Wong-wong kuwi digawa ing Babilon. Dhèwèké ya njupuk kabèh barang berharga sing ana ing baité Yéhuwah. Terus, Nébukhadnézar milih Zédékia dadi raja Yéhuda.

Mauné, Zédékia manut karo Nébukhadnézar. Tapi, para nabi palsu lan bangsa-bangsa sing manggon ing cedhak kono ngongkon Zédékia mbrontak nglawan Babilon. Yérémia ngomong, ’Nèk njenengan mbrontak, rakyaté njenengan bakal dipatèni. Terus, ya bakal ana kurang pangan lan penyakit ing Yéhuda.’

Sakwisé mréntah wolung taun, Zédékia mbrontak nglawan Babilon. Dhèwèké njaluk bantuané pasukan Mesir. Mula, Nébukhadnézar ngongkon pasukané nyerang Yérusalèm. Wong-wong kuwi kémah ing sekitaré kutha kuwi. Yérémia ngomong karo Zédékia, ’Yéhuwah ngomong nèk njenengan ora nglawan Babilon, njenengan lan kutha iki bakal slamet. Tapi, nèk njenengan ngèyèl, pasukan Babilon bakal ngobong Yérusalèm lan njenengan bakal dipenjara.’ Zédékia njawab, ’Wegah. Aku bakal tetep nglawan Babilon.’

Siji setengah taun bar kuwi, pasukan Babilon njebol témbok Yérusalèm lan ngobong kutha kuwi. Pasukan Babilon ngobong bait, matèni akèh wong, lan nangkep wong-wong sing isih urip.

Zédékia isa metu saka Yérusalèm. Tapi, wong Babilon ngoyak dhèwèké. Dhèwèké ditangkep ing cedhak Yérikho, terus diserahké ing Nébukhadnézar. Zédékia ndelok anak-anaké dipatèni. Terus, dhèwèké digawé wuta lan dilebokké penjara. Zédékia akhiré mati ing penjara. Tapi, Yéhuwah janji karo wong Yéhuda, ’Kowé kabèh bakal mulih ing Yérusalèm 70 taun manèh.’

Apa sing dialami karo cah-cah enom sing digawa ing Babilon? Apa cah-cah enom kuwi bakal terus manut Yéhuwah?

”Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, pengadilan-pengadilan sing Panjenengan tindakké kuwi bener lan adil.”​—Wahyu 16:7