Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 61

Cah Telu sing Ora Gelem Sujud

Cah Telu sing Ora Gelem Sujud

Ora suwé sakwisé éntuk mimpi soal patung gedhé, Raja Nébukhadnézar nggawé patung gedhé saka emas. Patung kuwi dibangun ing Dataran Dura. Bar kuwi, dhèwèké ngongkon kabèh wong penting ngumpul ing kana. Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ya dikon mrana. Nébukhadnézar ngomong, ’Pas krungu swara musik, kowé kabèh kudu nyembah patung kuwi! Sing ora sujud, bakal dilebokké ing ruang pembakaran.’ Apa cah telu kuwi gelem nyembah patung, utawa tetep nyembah Yéhuwah?

Terus, raja ngongkon musiké dimainké. Kabèh wong sujud, tapi Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ora. Ana wong-wong sing ndelok cah telu kuwi ora sujud. Wong-wong kuwi ngomong karo raja, ’Cah telu kuwi ora gelem sujud.’ Nébukhadnézar ngundang cah telu kuwi, terus ngomong, ’Kowé tak wènèhi kesempatan manèh. Sujuda. Nèk ora sujud, kowé bakal tak lebokké ing ruang pembakaran. Ora ana allah sing isa nylametké kowé.’ Cah telu kuwi njawab, ’Ora usah. Aku yakin nèk Gusti Allahku isa nylametké aku kabèh. Tapi, nèk aku ora dislametké, aku kabèh tetep ora bakal nyembah patung kuwi.’

Nébukhadnézar dadi nesu banget. Dhèwèké ngongkon pelayané, ’Gawénen ruang pembakaran kuwi nganti ping pitu luwih panas ketimbang biasané.’ Bar kuwi, dhèwèké ngongkon prajurité, ’Talènana wong-wong iki, terus uncalna mrono.’ Akhiré, cah telu kuwi diuncalké ing ruang pembakaran. Ruang pembakaran kuwi panas banget nganti prajurit sing nyedhak waé langsung mati. Nébukhadnézar ndelok ruang pembakaran kuwi. Dhèwèké ndelok ana wong papat sing mlaku-mlaku ing njero kono. Dhèwèké dadi wedi. Terus, dhèwèké takon karo para pejabaté, ’Sing diuncalké mrono kan mung wong telu, ta? Kok aku ndelok ana papat? Sing sijiné kaya malaékat.’

Nébukhadnézar nyedhaki ruang pembakaran, terus mbengok, ’Umaté Gusti Allah Sing Mahaluhur, metua!’ Wong-wong kagèt wektu ndelok Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo isih urip. Kulit, rambut, lan pakaiané ora kobong. Cah-cah enom kuwi ya ora mambu sangit.

Nébukhadnézar ngomong, ’Gusti Allahé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo hébat banget. Dhèwèké ngongkon malaékaté kanggo nylametké cah telu iki. Ora ana allah liya sing kaya Gusti Allahé wong telu kuwi.’

Kaya cah telu kuwi, apa kowé ya péngin terus manut Yéhuwah senajan keadaané angèl?

”Mung Yéhuwah, Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.”​—Matius 4:10