Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 62

Mimpi soal Wit Gedhé

Mimpi soal Wit Gedhé

Nébukhadnézar tau éntuk mimpi buruk. Dhèwèké ngundang wong pinter kanggo njelaské arti mimpiné. Tapi, ora ana sing isa njelaské mimpi kuwi. Akhiré, raja ngundang Danièl.

Nébukhadnézar ngomong karo Danièl, ’Aku mimpi soal wit. Wit kuwi dadi dhuwur banget nganti tekan langit. Wit kuwi isa didelok saka ngendi waé. Wit kuwi ngetokké akèh buah. Godhong-godhongé ya seger. Akèh kéwan sing ngiyup ing ngisoré, lan manuk-manuk nggawé sarang ing cabang-cabangé. Bar kuwi, ana malaékat sing mudhun saka swarga. Dhèwèké ngomong, ”Tebangen wit kuwi. Cabang-cabangé ya kudu mbok kethok. Tapi, ejarna tunggul lan akaré, terus talènana nganggo wesi lan tembaga. Atiné wit kuwi bakal berubah saka atiné manungsa dadi atiné kéwan, lan ejarna kuwi nganti pitung mangsa. Kabèh wong bakal ngerti nèk Gusti Allah kuwi nduwé kuwasa lan isa milih sapa waé kanggo dadi raja.”’

Yéhuwah ngandhani Danièl artiné mimpi kuwi. Tapi, Danièl malah dadi wedi. Danièl ngomong, ’Muga-muga mimpi iki nggambarké apa sing bakal kelakon karo mungsuhé njenengan. Tapi, jebulé ora ngono. Wit gedhé sing ditebang kuwi nggambarké njenengan. Njenengan bakal kélangan kerajaan lan bakal mangan rumput ing ladhang kaya kéwan. Tapi, merga ana malaékat sing ngomong nèk kudu ngejarké tunggul lan akaré, kuwi artiné njenengan bakal dadi raja manèh.’

Setaun bar kuwi, Nébukhadnézar mlaku-mlaku ing bagéan paling ndhuwur istanané. Dhèwèké kagum banget karo kutha Babilon. Dhèwèké ngomong, ’Kutha sing tak bangun iki luar biasa banget. Aku iki pancèn hébat banget, ya.’ Bar kuwi, ana swara saka swarga, ’Nébukhadnézar! Kowé bakal kélangan jabatanmu dadi raja.’

Nébukhadnézar langsung dadi édan lan tumindaké dadi kaya kéwan. Bar kuwi, dhèwèké diusir saka istanané lan manggon ing ladhang bareng karo kéwan-kéwan liyané. Rambuté Nébukhadnézar dadi kaya wuluné manuk elang, lan kukuné kaya cakar manuk.

Sakwisé pitung taun, Nébukhadnézar wis ora édan manèh. Dhèwèké akhiré dadi raja Babilon manèh. Nébukhadnézar ngomong, ’Aku muji Yéhuwah, Raja sing nguwasani swarga. Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah kuwi nduwé kuwasa sing gedhé. Yéhuwah isa nggawé isin wong sing sombong lan isa milih sapa waé kanggo dadi raja.’

”Wong sing sombong bakal nemu karusakan, lan wong sing rumangsa hébat bakal ambruk.”​—Amsal 16:18