Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 63

Tulisan ing Témbok

Tulisan ing Témbok

Bèlsyazar dadi raja ing Babilon. Dhèwèké ngundang 1.000 wong penting ing negri kuwi kanggo teka ing péstané. Terus, dhèwèké ngongkon para pelayané nggawakké gelas-gelas emas sing dijupuk Nébukhadnézar saka baité Yéhuwah. Bèlsyazar lan tamuné ngombé anggur saka gelas kuwi lan muji allah-allahé. Bar kuwi, ana tangan manungsa sing muncul, terus nulis tulisan sing anèh ing témbok ruang makan kuwi.

Bèlsyazar dadi wedi. Dhèwèké ngundang para ahli ilmu gaib, terus ngomong, ’Nèk ana sing isa njelaské artiné tulisan iki, dhèwèké bakal tak dadèkké wong nomer telu sing kuwasané paling gedhé ing Babilon.’ Wong-wong kuwi nyoba njelaské, tapi ora ana sing isa. Bar kuwi, ratu teka. Dhèwèké ngomong, ’Ana wong sing jenengé Danièl sing tau njelaské mimpiné Nébukhadnézar. Dhèwèké mesthi ya isa njelaské tulisan kuwi kanggo njenengan.’

Danièl akhiré teka. Terus, Bèlsyazar ngomong, ’Nèk kowé isa maca lan njelaské artiné tulisan iki, kowé bakal tak wènèhi kalung emas. Kowé ya bakal tak dadèkké wong nomer telu sing kuwasané paling gedhé ing Babilon.’ Danièl njawab, ’Njenengan ora perlu mènèhi aku hadiah. Tapi, aku bakal tetep njelaské artiné tulisan iki. Bapaké njenengan kuwi sombong, mula digawé isin karo Yéhuwah. Njenengan ngerti apa sing akhiré dialami karo dhèwèké, tapi njenengan tetep ora hormat karo Yéhuwah. Njenengan ngombé anggur nganggo gelas emas saka baité Yéhuwah. Mula, Yéhuwah nulis tulisan: Méné, Méné, Tèkel, lan Parsin. Kuwi artiné kerajaan Média lan Pèrsia bakal ngrebut Babilon. Terus, njenengan ya ora bakal dadi raja manèh.’

Wektu kuwi, kétoké ora ana sing isa ngalahké Babilon. Kutha kuwi dikelilingi témbok sing kuwat lan kali sing jero. Tapi bengi kuwi, Babilon diserang karo bangsa Média lan Pèrsia. Raja Pèrsia sing jenengé Korès nggawé kaliné dadi surut. Mula, pasukané isa ngliwati kali kuwi lan tekan ing gerbang kutha. Jebulé gerbangé wis kebukak. Pasukan kuwi akhiré mlebu, ngrebut kutha kuwi, lan matèni Raja Bèlsyazar. Bar kuwi, Babilon dikuwasani Korès.

Setaun bar kuwi, Korès ngomong, ’Yéhuwah ngongkon aku mbangun manèh baité ing Yérusalèm. Umaté Yéhuwah sing péngin mbantu éntuk lunga mrana.’ Kaya janjiné Yéhuwah, akèh wong Yahudi sing mulih ing Yérusalèm 70 taun sakwisé kutha kuwi dihancurké. Terus, Korès ya mbalèkké gelas emas, gelas pérak, lan peralatan liyané sing wis dijupuk Nébukhadnézar saka bait. Apa kowé ngerti nèk sakjané Yéhuwah nggunakké Korès kanggo nylametké umaté?

”Dhèwèké wis rubuh! Babilon Gedhé wis rubuh! Dhèwèké wis dadi panggonané roh-roh jahat.”​—Wahyu 18:2