Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 64

Danièl ing Lubang Singa

Danièl ing Lubang Singa

Ana raja Babilon liyané sing jenengé Darius. Darius kuwi wong Média. Darius ngerti nèk Danièl luwih pinter ketimbang wong liyané. Mula, Darius milih Danièl kanggo dadi kepalané wong-wong penting ing negri kuwi. Wong-wong kuwi iri karo Danièl lan péngin matèni dhèwèké. Wong-wong kuwi ngerti nèk saben dina Danièl ndonga karo Yéhuwah nganti ping telu. Mula, wong-wong kuwi ngomong karo Darius, ’Njenengan kudu nggawé hukum bèn kabèh wong mung ndonga karo njenengan. Sapa waé sing ora gelem manut hukum kuwi kudu diuncalké ing lubang singa.’ Darius setuju, terus tanda tangan ing hukum kuwi.

Sakwisé ngerti hukum sing anyar kuwi, Danièl mulih. Ing ngarep jendhéla, Danièl berlutut, terus ndonga karo Yéhuwah. Wong-wong sing iri karo Danièl mlebu ing omahé Danièl lan ndelok Danièl lagi ndonga. Wong-wong kuwi nemoni Darius, terus ngomong, ’Danièl ora manut. Saben dina dhèwèké ndonga nganti ping telu.’ Darius sayang karo Danièl. Darius ora péngin Danièl mati. Sedina kuwi, dhèwèké terus mikirké carané nylametké Danièl, tapi ora isa. Hukum sing wis dhèwèké tanda tangani kudu ditindakké. Darius akhiré kepeksa ngongkon para penjaga nguncalké Danièl ing lubang singa.

Bengi kuwi, Darius ora isa turu merga kuwatir karo Danièl. Ésuké, Darius lunga ing lubang singa. Terus, dhèwèké mbengok, ’Danièl, apa Gusti Allahmu nylametké kowé?’

Bar kuwi, Darius krungu swarané Danièl. Danièl njawab, ’Aku ora apa-apa. Malaékaté Yéhuwah wis nutup cangkemé singa-singa iki.’ Darius dadi seneng banget. Dhèwèké ngongkon bèn Danièl ditokké saka lubang kuwi. Pas metu, Danièl ora luka babar blas. Terus, raja ngomong, ’Uncalna wong-wong sing nudhuh Danièl kuwi ing lubang singa.’ Pas diuncalké ing kono, wong-wong mau langsung dipangan karo singa-singa kuwi.

Darius ngongkon rakyaté, ’Kabèh wong kudu ngajèni Gusti Allahé Danièl. Dhèwèké nylametké Danièl saka singa.’

Apa kowé ya ndonga saben dina kaya Danièl?

”Yéhuwah ngerti carané nylametké wong-wong sing ngabdi marang Panjenengané saka pacoban.”​—2 Pétrus 2:9