Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 66

Ézra Mulangké Hukumé Yéhuwah

Ézra Mulangké Hukumé Yéhuwah

Kira-kira sakwisé 70 taun wong Israèl bali ing Yérusalèm, isih ana wong Israèl sing manggon ing dhaérah kerajaan Pèrsia. Salah sijiné yaiku imam sing jenengé Ézra. Ézra mulangké Hukumé Yéhuwah. Pas ngerti nèk wong-wong ing Yérusalèm ora manut hukum kuwi, Ézra péngin lunga ing Yérusalèm kanggo mbantu wong-wong kuwi. Raja Pèrsia sing jenengé Artahsasta ngomong karo Ézra, ’Gusti Allah wis nggawé kowé dadi wicaksana bèn isa mulangké hukumé. Lungaa, lan ajaken sapa waé sing gelem mèlu kowé.’ Ézra ngejak wong-wong sing péngin bali ing Yérusalèm. Terus, Ézra lan wong-wong kuwi ndonga bèn dilindhungi Yéhuwah pas ing perjalanan. Bar kuwi, Ézra lan rombongané mangkat.

Patang sasi bar kuwi, Ézra lan rombongané tekan ing Yérusalèm. Para pejabat ngomong karo Ézra, ’Wong Israèl wis ora manut Yéhuwah lan nikah karo wong-wong wédok sing nyembah allah palsu.’ Apa sing ditindakké Ézra? Ing ngarepé wong-wong kuwi, Ézra berlutut lan ndonga, ’Yéhuwah, Njenengan wis apikan banget, tapi aku kabèh malah ora manut karo Njenengan.’ Wong Israèl akhiré mertobat. Tapi, wong-wong kuwi isih butuh bantuan bèn isa nindakké sing bener. Mula, Ézra milih para pemimpin lan hakim kanggo mriksa masalah iki. Masalah kuwi dipriksa nganti telung sasi, lan wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah diusir.

Rolas taun bar kuwi, témbok Yérusalèm akhiré rampung dibangun. Ézra ngongkon wong Israèl ngumpul ing lapangan. Ézra arep macakké Hukumé Yéhuwah kanggo wong Israèl. Pas Ézra mbukak buku hukum kuwi, wong Israèl ngadeg. Ézra muji Yéhuwah, terus wong Israèl ngangkat tangané kanggo dadi tandha nèk setuju karo omongané Ézra. Bar kuwi, Ézra maca lan njelaské hukum kuwi. Kabèh padha ngrungokké tenanan. Wong Israèl ngakoni nèk wis ora manut Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nangis. Sésuké, Ézra macakké hukum kuwi manèh. Wong Israèl dadi ngerti nèk ora suwé manèh kudu ngrayakké Perayaan Pondok. Mula, wong Israèl langsung siap-siap kanggo perayaan kuwi.

Perayaan kuwi suwéné pitung dina. Wong Israèl ngrasa seneng lan bersyukur karo Yéhuwah merga panènané akèh. Durung tau ana Perayaan Pondok sing kaya ngono kèt jamané Yosua. Bar perayaan, wong Israèl ngumpul lan ndonga, ’Yéhuwah, aku kabèh wis dibébaské saka perbudhakan, diwènèhi panganan wektu ing padhang gurun, lan diwènèhi negri sing apik banget. Tapi, aku kabèh bola-bali ora manut karo Njenengan. Njenengan ngongkon nabi-nabi ngandhani aku kabèh, tapi aku kabèh ora ngrungokké. Njenengan tetep sabar. Njenengan nepati janjiné Njenengan karo Abraham. Saiki aku janji bakal terus manut Njenengan.’ Janji kuwi ditulis,terus disahké nganggo meterainé para pejabat, wong Lèwi, lan imam.

”Sing bungah kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.”​—Lukas 11:28