Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 68

Élisabèt Nduwé Anak

Élisabèt Nduwé Anak

Luwih saka 400 taun sakwisé témbok Yérusalèm dibangun manèh, ana imam sing jenengé Zakharia. Zakharia nduwé bojo sing jenengé Élisabèt. Wong loro kuwi manggon ing cedhak Yérusalèm. Zakharia lan Élisabèt wis suwé nikah, tapi durung nduwé anak. Pas Zakharia lagi nggawé persembahan dupa ing Ruang Kudus ing bait, malaékat Gabrièl muncul. Zakharia wedi. Tapi, Gabrièl ngomong, ’Aja wedi. Ana kabar apik saka Yéhuwah. Bojomu bakal nglairké anak lanang. Anak kuwi kudu mbok jenengi Yohanes. Yéhuwah wis milih Yohanes kanggo nindakké tugas khusus.’ Terus, Zakharia ngomong, ’Mosok? Aku karo bojoku kan wis tuwa, ora mungkin isa nduwé anak.’ Gabrièl ngomong, ’Gusti Allah wis ngongkon aku ngomongké iki. Tapi, merga kowé ora percaya, kowé ora bakal isa ngomong nganti anak kuwi lair.’

Zakharia suwé banget ana ing Ruang Kudus. Pas dhèwèké metu, wong-wong sing ngentèni ing njaba péngin ngerti apa sing kelakon. Zakharia ora isa ngomong. Dhèwèké mung isa nggawé gerakan tangan. Akhiré, wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Zakharia bar éntuk berita saka Gusti Allah.

Kaya sing diomongké malaékat, Élisabèt akhiré hamil lan nglairké anak lanang. Kanca-kanca lan seduluré teka kanggo ndelok bayi kuwi. Wong-wong kuwi seneng banget. Élisabèt ngomong, ’Anak iki jenengé Yohanes.’ Wong-wong kuwi ngomong, ’Ing keluargamu ora ana sing jenengé Yohanes. Dijenengi Zakharia waé, kaya bapaké.’ Tapi, Zakharia nulis, ’Jenengé Yohanes.’ Pas kuwi, Zakharia langsung isa ngomong manèh. Kabèh wong ing Yudéa krungu soal bayi kuwi. Terus, wong-wong kuwi mikir, ’Nèk wis gedhé, bocah kuwi bakal dadi apa, ya?’

Terus, Zakharia éntuk roh suci. Dhèwèké ngomong, ’Ayo padha muji Yéhuwah. Dhèwèké janji karo Abraham nèk bakal mènèhi juru slamet, yaiku Mésias, sing bakal nylametké awaké dhéwé. Yohanes bakal dadi nabi lan bakal nyiapké dalan kanggo Mésias.’

Seduluré Élisabèt sing jenengé Maria ya ngalami peristiwa sing luar biasa. Ayo diteruské critané.

”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, nanging kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”​—Matius 19:26