Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 69

Gabrièl Nemoni Maria

Gabrièl Nemoni Maria

Élisabèt nduwé sedulur sing jenengé Maria. Maria kuwi isih enom lan manggon ing kutha Nazarèt ing Galiléa. Maria wis tunangan karo Yusuf. Yusuf kuwi tukang kayu. Wektu Élisabèt hamil nem sasi, malaékat Gabrièl nemoni Maria. Malaékat kuwi ngomong, ’Halo, Maria. Yéhuwah sayang banget karo kowé.’ Maria ora ngerti maksudé Gabrièl. Gabrièl ngomong, ’Kowé bakal hamil, terus nglairké anak lanang. Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus. Dhèwèké bakal dadi Raja, lan Kratoné bakal ana sakterusé.’

Maria ngomong, ’Tapi, aku durung nduwé bojo. Ora mungkin aku nglairké anak.’ Gabrièl ngomong, ’Yéhuwah isa nindakké apa waé. Kowé bakal éntuk roh suci. Terus, kowé bakal nduwé anak lanang. Sedulurmu Élisabèt ya lagi hamil, padahal dhèwèké wis tuwa.’ Maria njawab, ’Aku iki budhak wédoké Yéhuwah. Muga-muga kuwi kabèh kelakon.’

Maria lunga ing kutha ing dhaérah pegunungan kanggo nemoni Élisabèt. Wektu Maria ngucapké salam, Élisabèt ngrasa nèk bayi ing njero wetengé obah-obah. Merga éntuk roh suci, Élisabèt ngomong, ’Yéhuwah mberkahi kowé, Maria. Iki kehormatan kanggoku merga ibuné Gustiku teka ing omahku.’ Maria njawab, ’Aku muji Yéhuwah saka atiku.’ Maria ana ing omahé Élisabèt nganti telung sasi. Bar kuwi, Maria mulih ing Nazarèt.

Wektu ngerti Maria hamil, Yusuf mutuské ora sida nikah karo Maria. Yusuf ngira nèk Maria wis nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya. Tapi, ana malaékat sing ngomong karo Yusuf liwat mimpi. Malaékat kuwi ngomong, ’Aja ragu nikah karo Maria. Dhèwèké ora salah apa-apa.’ Akhiré, Yusuf tetep nikah karo Maria.

”Yéhuwah nindakké apa waé sing Dhèwèké senengi ing swarga lan ing bumi.”​—Mazmur 135:6