Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 71

Yéhuwah Nglindhungi Yésus

Yéhuwah Nglindhungi Yésus

Wong-wong ing negri sebelah timuré Israèl percaya nèk bintang isa dadi penunjuk arah. Ana wong-wong lanang saka negri kuwi ndelok benda sing kaya bintang ing langit. Wong-wong kuwi ngetutké ”bintang” mau tekan Yérusalèm. Wong-wong kuwi ngerti nèk ana bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi. Mula, wong-wong kuwi takon karo wong-wong ing kono, ’Ing ngendi bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi? Aku péngin sujud karo bocah kuwi.’

Wektu ngerti nèk bakal ana raja sing anyar, raja Yérusalèm sing jenengé Hérodès dadi kuwatir. Dhèwèké takon karo para imam kepala, ’Ing ngendi bocah sing bakal dadi raja kuwi?’ Para imam kuwi njawab, ’Para nabi ngomong nèk bocah kuwi bakal lair ing Bètlehèm.’ Mula, Hérodès ngundang wong-wong saka negri sebelah timur kuwi. Terus, dhèwèké ngomong, ’Golèkana bocah kuwi ing Bètlehèm. Nèk wis ketemu, kandhanana aku. Aku ya péngin sujud karo bocah kuwi.’ Tapi, sakjané Hérodès ngapusi.

”Bintang” kuwi mulai pindhah manèh. Wong-wong kuwi ngetutké tekan Bètlehèm. ”Bintang” kuwi akhiré mandheg ing ndhuwuré salah siji omah. Wong-wong kuwi mlebu ing kono, terus ndelok Yésus lan Maria. Wong-wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus, terus mènèhi emas, menyan, lan mur. Apa Yéhuwah ngongkon wong-wong kuwi nemoni Yésus? Ora.

Bengi kuwi, Yéhuwah ngomong karo Yusuf liwat mimpi, ’Hérodès arep matèni Yésus. Lungaa ing Mesir karo anak lan bojomu. Manggona ing kana nganti keadaané aman.’ Yusuf lan keluargané langsung mangkat ing Mesir.

Yéhuwah ngongkon wong-wong saka negri sebelah timur kuwi bèn ora nemoni Hérodès manèh. Hérodès dadi nesu banget. Merga ora isa nemokké Yésus, Hérodès ngongkon bèn kabèh bocah lanang ing Bètlehèm sing seumuran karo Yésus dipatèni. Tapi, Yésus aman ing Mesir.

Akhiré, Hérodès mati. Yéhuwah ngomong karo Yusuf, ’Saiki wis aman. Muliha.’ Yusuf, Maria, lan Yésus mulih ing Israèl, terus manggon ing kutha Nazarèt.

”Apa sing wis Tak omongké . . .  bakal berhasil nindakké sing Tak préntahké.”​—Yésaya 55:11