Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 72

Wektu Yésus Umur 12 Taun

Wektu Yésus Umur 12 Taun

Yusuf lan Maria manggon ing Nazarèt karo Yésus lan anak-anaké sing liya. Yusuf kerja dadi tukang kayu. Yusuf mulang keluargané soal Yéhuwah lan hukumé. Yusuf lan keluargané ya rajin ngibadah lan sinau soal Yéhuwah ing panggonan sing disebut sinagogé. Keluarga kuwi ya lunga ing Yérusalèm saben taun kanggo ngrayakké Paskah.

Yésus lan keluargané lunga ing Yérusalèm kaya biasané. Wektu kuwi, umuré Yésus 12 taun. Yérusalèm ramé banget. Ana akèh wong sing teka ing kono kanggo ngrayakké Paskah. Bar perayaan, Yusuf lan Maria mulih. Yusuf lan Maria ngira nèk Yésus wis mèlu rombongan. Tapi pas digolèki, Yésus ora ana.

Mula, Yusuf lan Maria bali manèh ing Yérusalèm, terus nggolèki Yésus nganti telung dina. Wong loro kuwi akhiré lunga ing bait. Ing kono, Yésus lagi lungguh bareng karo para guru agama. Dhèwèké ngrungokké lan mènèhi akèh pitakonan. Para guru agama kuwi ya nakoni Yésus. Wektu krungu jawabané Yésus, wong-wong kuwi kagum merga Yésus ngerti isi Hukumé Yéhuwah.

Yusuf lan Maria kuwatir banget. Maria ngomong, ’Lé, bapak karo ibu wis nggolèki kowé ing ngendi-endi. Kowé saka ngendi waé?’ Yésus njawab, ’Apa Bapak lan Ibu ora ngerti nèk aku kudu ana ing omahé Bapakku?’

Bar kuwi, Yésus mulih ing Nazarèt bareng wong tuwané. Yésus diajari Yusuf carané dadi tukang kayu. Nurutmu, piyé tumindaké Yésus wektu isih enom? Wektu tambah gedhé, Yésus dadi tambah pinter lan tambah disayang karo Yéhuwah lan wong liya.

”Aku seneng nindakké kersa-Mu, dhuh, Gusti Allahku, lan hukum-Mu ana ing njero atiku.”​—Mazmur 40:8