Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 74

Yésus Dadi Mésias

Yésus Dadi Mésias

Yohanes terus ngumumké, ’Wong sing luwih penting ketimbang aku bakal teka.’ Pas umuré kira-kira 30 taun, Yésus lunga saka Galiléa ing Kali Yordan. Ing kono, Yohanes biasané mbaptis wong-wong. Yésus njaluk dibaptis Yohanes. Tapi, Yohanes ngomong, ’Kuduné njenengan sing mbaptis aku, dudu aku sing mbaptis njenengan.’ Yésus ngomong, ’Yéhuwah péngin kowé sing mbaptis aku.’ Mula, Yésus lan Yohanes nyemplung ing Kali Yordan. Terus, Yohanes mbaptis Yésus nganggo cara nglelebké Yésus ing banyu.

Sakwisé dibaptis, Yésus ndonga. Wektu kuwi, langit kebukak, terus roh suci sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus. Bar kuwi, Yéhuwah ngomong saka swarga, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.”

Yésus dadi Kristus, utawa Mésias, wektu roh suci mudhun ing ndhuwuré Yésus. Mulai wektu kuwi, Yésus bakal nindakké tugas sing diwènèhké Yéhuwah kanggo ditindakké ing bumi.

Terus, Yésus lunga ing padhang belantara. Yésus ana ing kono nganti 40 dina. Bar kuwi, Yésus nemoni Yohanes. Wektu Yésus teka, Yohanes ngandhani wong-wong nèk Yésus kuwi Mésias. Yohanes ngomong, ’Iki Anak Dombané Gusti Allah sing bakal ngilangké dosané manungsa.’ Kowé ngerti ora apa sing kelakon wektu Yésus ing padhang belantara? Ayo diteruské critané.

”Ana swara saka langit, ’Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.’” —Markus 1:11