Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 75

Sétan Nggodha Yésus

Sétan Nggodha Yésus

Bar dibaptis, Yésus dituntun roh suci lunga ing padhang belantara. Yésus ora mangan apa-apa nganti 40 dina. Mula, Yésus mesthi péngin mangan. Bar kuwi, Sétan teka kanggo nggodha Yésus. Dhèwèké ngomong, ’Nèk kowé bener-bener Putrané Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.’ Yésus njawab, ’Kitab Suci ngomong nèk awaké dhéwé ora mung butuh panganan bèn isa urip. Awaké dhéwé ya kudu manut Yéhuwah.’

Bar kuwi, Sétan ngomong karo Yésus, ’Nèk kowé bener-bener Putrané Gusti Allah, mlumpata saka pucuké témbok bait. Ana ayat sing ngomong nèk Gusti Allah bakal ngongkon para malaékaté nulungi kowé.’ Tapi, Yésus njawab, ’Kitab Suci ngomong nèk awaké dhéwé ora éntuk nguji Yéhuwah.’

Terus, Sétan nduduhké kabèh kerajaan ing donya lan kamulyané. Sétan ngomong, ’Kabèh kerajaan lan kamulyané iki bakal tak wènèhké kowé. Tapi, kowé kudu nyembah aku sepisan waé.’ Yésus njawab, ’Lungaa, Sétan! Kitab Suci ngomong nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah.’

Sétan akhiré lunga. Terus, para malaékat teka lan mènèhi Yésus panganan. Bar kuwi, Yésus nyampèkké berita soal Kratoné Allah. Kuwi tugasé Yésus ing bumi. Wong-wong seneng karo ajarané Yésus lan ngetutké Yésus ing ngendi waé.

”Nèk [Sétan] ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi.”​—Yohanes 8:44