Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 76

Yésus Ngusir Para Pedagang ing Bait

Yésus Ngusir Para Pedagang ing Bait

Kira-kira sasi April taun 30 M, Yésus lunga ing Yérusalèm. Akèh wong sing teka ing kono kanggo ngrayakké Paskah. Wong-wong kuwi ngorbanké kéwan ing bait. Ana sing nggawa kéwané saka omah, tapi ya ana sing tuku ing Yérusalèm.

Wektu tekan bait, Yésus ndelok wong-wong sing dodolan kéwan ing kono. Yésus dadi nesu banget merga wong-wong kuwi nggolèk dhuwit ing baité Yéhuwah. Yésus nggawé pecut saka tali, terus ngusir domba lan sapi saka bait. Yésus ya njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan mbuwang dhuwit rècèhé wong-wong kuwi. Bar kuwi, Yésus ngomong karo wong-wong sing dodolan manuk dara, ’Singkirna iki kabèh saka kéné. Omahé Bapakku ora éntuk dienggo dodolan!’

Wektu ndelok kuwi kabèh, wong-wong sing ana ing bait padha kagum karo Yésus. Para muridé dadi kèlingan salah siji ramalan soal Mésias yaiku, ’Aku bakal sayang banget karo omahé Yéhuwah.’

Pas taun 33 M, Yésus ngusir manèh wong-wong sing dodolan ing bait. Yésus péngin wong-wong ya sayang karo omahé Yéhuwah.

”Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.”​—Lukas 16:13