Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 82

Yésus Mulang Carané Ndonga

Yésus Mulang Carané Ndonga

Wong Farisi tumindak apik merga péngin digatèkké wong liya. Wong-wong kuwi péngin wong liya ngerti wektu wong-wong kuwi nindakké sing apik. Wong Farisi ndonga ing panggonan umum bèn isa didelok wong liya. Wong Farisi ngapalké donga sing dawa-dawa lan mbolan-mbalèni dongané ing sinagogé lan ing pojokan dalan bèn wong liya ya krungu. Mula, wong-wong kagèt pas Yésus ngomong, ’Aja ndonga kaya wong Farisi. Wong-wong kuwi mikir nèk Gusti Allah bakal seneng karo donga sing dawa, padahal ora. Ndonga kuwi dudu bèn didelok wong, tapi kuwi wektuné kowé omong-omongan karo Yéhuwah. Aja mbolan-mbalèni kata-kata sing padha. Yéhuwah péngin kowé ngomongké soal apa waé sing mbok rasakké.’

’Ndongaa kaya ngéné, ”Bapakku sing ana ing swarga, asma Panjenengan mugi disucèkké. Kraton Panjenengan mugi rawuh. Kersa Panjenengan mugi kelakon ing bumi, kaya ing swarga.”’ Yésus ya ngongkon para muridé ndongakké soal kebutuhan kanggo dina kuwi, njaluk bèn dosané wong-wong kuwi diapura, lan soal liyané.

Yésus ngomong, ’Terusa ndonga. Terusa njaluk karo Yéhuwah apa waé sing apik. Saben wong tuwa mesthi péngin mènèhi sing apik kanggo anaké. Nèk anakmu njaluk roti, apa kowé bakal mènèhi watu? Nèk anakmu njaluk iwak, apa kowé bakal mènèhi ula?’

Terus, Yésus njelaské, ’Nèk kowé waé ngerti carané mènèhi hadiah sing apik kanggo anakmu, apa manèh Bapakmu, yaiku Yéhuwah. Yéhuwah mesthi bakal mènèhi kowé roh suciné. Kowé mung kudu njaluk waé.’ Apa kowé manut karo omongané Yésus iki? Apa waé sing isa mbok dongakké?

”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.”​—Matius 7:7