Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 86

Yésus Nguripké Lazarus

Yésus Nguripké Lazarus

Yésus nduwé sahabat sing jenengé Lazarus, Maria, lan Marta. Maria lan Marta kuwi sedulur kandhungé Lazarus. Wong telu kuwi manggon ing Bétani. Wektu lagi ing Péréa, Yésus éntuk kabar saka Maria lan Marta, ’Lazarus lara parah. Cepet, mrénéa.’ Yésus ora langsung lunga, tapi ngentèni nganti rong dina. Lazarus akhiré mati. Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ’Ayo lunga ing Bétani. Lazarus lagi turu. Aku bakal nggugah dhèwèké.’ Para rasul ngomong, ’Nèk Lazarus turu, dhèwèké bakal cepet mari.’ Mula, Yésus ngandhani para rasul, ’Lazarus wis mati.’

Pas Yésus tekan ing Bétani, Lazarus wis dikubur patang dina. Ana wong akèh sing teka nemoni Marta lan Maria kanggo mènèhi penghiburan. Pas krungu nèk Yésus teka, Marta cepet-cepet lunga nemoni Yésus. Marta ngomong, ”Gusti, nèk panjenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” Yésus ngomong, ’Lazarus bakal urip manèh. Apa kowé percaya kuwi, Marta?’ Marta ngomong, ’Aku percaya nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati padha diuripké manèh.’ Yésus ngomong, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.”

Terus, Marta nemoni Maria. Marta ngomong, ’Yésus ana ing kéné.’ Maria mlayu nemoni Yésus, lan ana wong akèh sing ngetutké Maria. Maria sujud ing sikilé Yésus karo nangis terus. Maria ngomong, ’Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, Lazarus mesthi ora bakal mati.’ Merga ndelok Maria sedhih banget, Yésus akhiré ya mèlu nangis. Pas ndelok Yésus nangis, wong-wong padha ngomong, ’Yésus mesthi sayang banget karo Lazarus.’ Tapi, ana sing mikir, ’Kenapa dhèwèké ora nulungi sahabaté?’ Apa sing bakal ditindakké Yésus?

Yésus lunga ing kuburané Lazarus. Kuburané kuwi ditutup nganggo watu gedhé. Yésus ngongkon, ’Singkirna watuné.’ Marta ngomong, ’Iki wis patang dina. Dhèwèké mesthi wis mambu.’ Tapi, watuné tetep disingkirké. Bar kuwi, Yésus ndonga, ’Bapak, maturnuwun merga Bapak gelem ngrungokké aku. Aku ngerti nèk Bapak mesthi ngrungokké aku. Tapi, aku ngomong banter kaya ngéné merga péngin bèn wong-wong iki ngerti nèk Bapak sing ngongkon aku mréné.’ Terus, Yésus mbengok, ”Lazarus, metua!” Bar kuwi, Lazarus metu saka kuburan. Kuwi bener-bener luar biasa. Lazarus isih diblebed kain. Mula, Yésus ngomong, ”Uculana blebedé lan ejarna dhèwèké lunga.”

Akèh wong sing ndelok peristiwa kuwi dadi percaya karo Yésus. Tapi, ana wong-wong sing ngandhani wong Farisi soal peristiwa kuwi. Bar krungu soal kuwi, wong Farisi péngin matèni Lazarus lan Yésus. Salah siji rasul sing jenengé Yudas Iskariot meneng-meneng nemoni wong Farisi. Dhèwèké takon, ’Nèk aku isa masrahké Yésus, kowé wani mbayar aku pira?’ Wong Farisi gelem mbayar Yudas nganggo 30 dhuwit pérak. Mulai wektu kuwi, Yudas nggolèk kesempatan kanggo masrahké Yésus ing wong Farisi.

”Kanggoné awaké dhéwé, Gusti Allah sing bener kuwi Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé; lan Yéhuwah, Gusti Allah Sing Mahaluhur, mbébaské awaké dhéwé saka kematian.”​—Mazmur 68:20