Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 87

Paskah Terakhiré Yésus

Paskah Terakhiré Yésus

Saben tanggal 14 Nisan, wong Yahudi ngrayakké Paskah. Perayaan kuwi ngélingké wong Yahudi nèk Yéhuwah mbébaské wong-wong kuwi saka perbudhakan ing Mesir lan nuntun ing Tanah Perjanjian. Ing taun 33 M, Yésus lan para rasulé ngrayakké Paskah ing ruangan ndhuwur salah siji omah ing Yérusalèm. Bar mangan, Yésus ngomong, ’Salah siji wong ing antaramu bakal masrahké aku ing mungsuh-mungsuhku.’ Para rasul kagèt, terus takon, ’Sapa?’ Yésus njawab, ’Wong sing tak wènèhi roti iki.’ Terus, Yésus mènèhi Yudas Iskariot roti. Yudas langsung ngadeg, terus lunga saka kono.

Bar kuwi, Yésus ndonga, mecah-mecahké roti, terus mènèhké kuwi kanggo para rasul sing isih ana ing kono. Yésus ngomong, ’Panganen roti iki. Iki nglambangké badanku sing bakal tak wènèhké kanggo kowé.’ Bar kuwi, Yésus ndonga kanggo minuman anggur, terus mènèhké kuwi kanggo para rasul. Yésus ngomong, ’Ombénen iki. Iki nglambangké getihku sing bakal tak wènèhké bèn dosané manungsa isa diapura. Aku janji nèk kowé bakal dadi raja ing swarga bareng aku. Terus tindakna iki saben taun kanggo ngéling-éling aku.’ Nganti saiki, para pengikuté Yésus terus ngrayakké acara kuwi saben taun. Saiki, acara kuwi disebut Pèngetan Sédané Yésus.

Bar kuwi, para rasul ribut soal sapa sing paling penting. Tapi, Yésus ngomong, ’Wong sing paling penting kuwi wong sing nganggep dhèwèké ora penting.’

’Kowé kabèh kuwi sahabatku. Aku bakal ngandhani kowé kabèh apa waé sing diomongké Bapakku. Ora suwé manèh, aku bakal nemoni Bapakku ing swarga. Kowé kabèh bakal tetep ana ing kéné, lan kabèh wong bakal ngerti kowé kuwi murid-muridku nèk kowé padha sayang siji lan sijiné. Kowé kudu sayang siji lan sijiné kaya aku sayang kowé.’

Bar kuwi, Yésus ndonga bèn Yéhuwah nglindhungi murid-muridé. Yésus njaluk bèn Yéhuwah mbantu murid-muridé isa rukun. Yésus ya ndonga bèn jenengé Yéhuwah disucèkké. Terus, Yésus lan para rasul nyanyi muji Yéhuwah. Wong-wong kuwi akhiré metu saka omah kuwi. Ora suwé manèh, Yésus bakal ditangkep.

”Aja wedi, kelompok cilik, merga Bapakmu wis kersa kanggo maringi kowé Kraton kuwi.”​—Lukas 12:32