Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 90

Yésus Mati ing Golgota

Yésus Mati ing Golgota

Para imam kepala nggawa Yésus ing omahé gubernur. Pilatus takon karo wong-wong kuwi, ’Kejahatan apa sing wis ditindakké wong iki?’ Wong-wong kuwi njawab, ’Dhèwèké ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi raja!’ Terus, Pilatus takon karo Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kratonku dudu bagéan saka donya iki.”

Bar kuwi, Pilatus masrahké Yésus ing Hérodès. Hérodes kuwi panguwasa dhaérah Galiléa. Pilatus péngin bèn Hérodès isa nemokké kesalahané Yésus. Tapi, Hérodès ya ora isa. Mula, Yésus dipasrahké manèh ing Pilatus. Pilatus ngomong, ’Aku karo Hérodès ora nemokké kesalahané wong iki. Wong iki bakal tak bébaské.’ Wong-wong kuwi mbengok, ’Patèni waé! Patèni waé!’ Bar kuwi, Yésus dipecuti, diidoni, lan dijotosi karo para prajurit. Wong-wong kuwi ya masang mahkota duri ing sirahé Yésus, terus ngécé, ’Halo, Rajané Wong Yahudi.’ Pilatus ngomong manèh, ’Wong iki ora salah.’ Tapi, wong-wong kuwi mbengok, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” Mula, Pilatus masrahké Yésus kanggo dihukum mati.

Para prajurit nggawa Yésus ing Golgota. Yésus dipaku ing cagak, terus cagaké didegké. Yésus ndonga, ’Bapak, tulung apurana wong-wong iki. Wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.’ Wong-wong padha ngécé Yésus. Wong-wong kuwi ngomong, ’Nèk kowé Putrané Gusti Allah, mudhuna saka cagak kuwi! Slametna awakmu dhéwé!’

Salah siji penjahat sing dipaku ing jèjèré Yésus ngomong, ”Élinga marang aku wektu kowé mlebu ing Kratonmu.” Yésus janji, ”Kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.” Pas wis siang, kabèh dhaérah kuwi dadi peteng nganti telung jam. Ana murid-murid sing ngadeg ing cedhak cagaké Yésus. Ibuné Yésus, yaiku Maria, ya ana ing kono. Yésus ngongkon Yohanes ngrawat Maria kaya ngrawat ibuné dhéwé.

Akhiré, Yésus ngomong, ”Wis rampung.” Yésus ndhingkluk, terus mati. Pas kuwi, ana gempa bumi. Ing bait, kordhèn sing misahké Ruang Suci lan Ruang Mahasuci suwèk dadi loro. Salah siji perwira ngomong, ’Dhèwèké kuwi bener-bener Putrané Gusti Allah.’

”Ora soal sepira akèhé janjiné Gusti Allah, kabèh kuwi wis dadi ’ya’ liwat dhèwèké.”​—2 Korintus 1:20