Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 91

Yésus Diuripké Manèh

Yésus Diuripké Manèh

Bar Yésus mati, ana wong lanang sugih sing jenengé Yusuf njaluk ijin Pilatus kanggo ngedhunké mayaté Yésus saka cagak. Yusuf mbungkus mayaté Yésus nganggo kain linen alus lan rempah-rempah. Terus, mayaté Yésus dilebokké ing kuburan anyar. Bar kuwi, Yusuf nutup kuburan kuwi nganggo watu gedhé. Para imam kepala ngandhani Pilatus, ’Aku wedi nèk murid-muridé Yésus padha njupuk mayaté, terus ngomong nèk Yésus wis urip manèh.’ Mula, Pilatus ngomong, ’Tutupen rapet kuburané, terus jaganen.’

Telung dina bar kuwi, pas isih ésuk banget, ana wong-wong wédok sing lunga ing kuburan kuwi. Wong-wong wédok kuwi ndelok nèk watuné wis digulingké. Ing njero kuburan kuwi, ana malaékat sing ngomong, ’Aja wedi. Yésus wis diuripké manèh. Kandhanana murid-muridé bèn nemoni Yésus ing Galiléa.’

Maria Magdaléna cepet-cepet nemoni Pétrus lan Yohanes. Dhèwèké ngomong, ’Ana sing njupuk mayaté Yésus!’ Pétrus lan Yohanes mlayu ing kuburan. Pas ndelok nèk kuburan kuwi kosong, Pétrus lan Yohanes bali ing omahé.

Wektu bali ing kuburan, Maria ndelok ana malaékat loro ing kono. Maria ngomong, ’Aku ora ngerti mayaté Gustiku digawa ing ngendi.’ Terus, Maria ndelok ana wong ing kono. Dhèwèké ngira nèk wong kuwi tukang kebon. Maria ngomong, ’Pak, tulung kandhani aku ing ngendi njenengan mindhahké mayaté Yésus.’ Tapi, wong kuwi ngomong, ”Maria!” Maria langsung ngerti nèk kuwi Yésus. Maria mbengok, ”Guru!” Maria langsung meluk Yésus. Yésus ngomong, ’Kandhanana sedulur-sedulurku nèk kowé wis ndelok aku.’ Maria langsung nemoni murid-muridé Yésus kanggo ngandhani nèk dhèwèké wis ndelok Yésus.

Dina kuwi, ana muridé Yésus loro sing lagi mlaku saka Yérusalèm ing Émaus. Ana wong lanang sing mèlu mlaku bareng, terus takon apa sing lagi diomongké karo wong loro kuwi. Wong loro kuwi njawab, ’Lho, kowé durung krungu, ta? Telung dina wingi, imam-imam kepala matèni Yésus. Tapi, saiki ana wong-wong wédok sing ngomong nèk Yésus wis urip manèh!’ Wong lanang mau ngomong, ’Apa kowé ora percaya karo para nabi? Para nabi ngomong nèk Kristus bakal mati terus diuripké manèh.’ Bar kuwi, dhèwèké njelaské ayat-ayat ing Kitab Suci kanggo wong loro kuwi. Wektu wis tekan Émaus, murid loro kuwi ngejak wong lanang mau mangan bareng. Bar ndonga, wong loro kuwi lagi ngerti nèk wong lanang mau Yésus. Bar kuwi, Yésus ngilang.

Wong loro kuwi cepet-cepet lunga ing Yérusalèm. Ing kono, para rasul lagi ngumpul ing salah siji omah. Murid loro kuwi nyritakké apa sing kelakon. Bar kuwi, Yésus muncul ing kono. Mauné, para rasul ora percaya nèk kuwi Yésus. Yésus ngomong, ’Deloken tanganku. Coba demèken. Ana ayat sing ngomong nèk Kristus bakal diuripké manèh.’

”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip. Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku.”​—Yohanes 14:6