Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 93

Yésus Bali ing Swarga

Yésus Bali ing Swarga

Yésus nemoni para pengikuté ing Galiléa. Yésus mènèhi préntah sing penting banget, ’Lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Wulangen wong-wong kuwi soal apa waé sing wis tak wulangké karo kowé, terus baptisen wong-wong kuwi.’ Yésus ya janji, ’Élinga, aku bakal terus ngancani kowé.’

Saksuwéné 40 dina bar diuripké manèh, Yésus nemoni atusan muridé ing Galiléa lan Yérusalèm. Dhèwèké mulang murid-muridé akèh pelajaran penting lan nindakké akèh mukjijat. Akhiré, Yésus nemoni para rasul ing Gunung Zaitun. Kuwi kesempatan terakhiré Yésus ketemu karo para rasulé.

Ing Yérusalèm, Yésus tau ngandhani para rasulé, ’Aja lunga saka kéné. Terusa ngentèni apa sing wis dijanjèkké Bapak.’ Tapi, para rasul kuwi ora ngerti maksudé Yésus. Mula, para rasul takon, ’Apa saiki njenengan bakal dadi Raja Israèl?’ Yésus njawab, ’Durung wektuné Yéhuwah ndadèkké aku Raja. Sedhéla manèh, kowé bakal éntuk kuwasa saka roh suci, lan kowé kabèh bakal dadi seksiku. Nginjila ing Yérusalèm, Yudéa, Samaria, lan ing dhaérah sing paling adoh ing bumi.’

Bar kuwi, Yésus keangkat ing langit lan ketutupan awan. Para muridé terus ndeloki, tapi Yésus wis ilang.

Murid-murid akhiré lunga saka Gunung Zaitun ing Yérusalèm. Para murid kerep ngumpul ing ruangan ndhuwur salah siji omah kanggo ndonga. Wong-wong kuwi ngentèni Yésus mènèhi petunjuk manèh.

”Kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka.”​—Matius 24:14