Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 99

Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen

Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen

Ing Filipi, ana budhak wédok sing kesurupan roh jahat. Kuwi nggawé dhèwèké dadi isa ngramal, lan para majikané dadi éntuk dhuwit akèh. Wektu teka ing Filipi, Paulus lan Silas ditutké karo budhak wédok kuwi nganti pirang-pirang dina. Merga kesurupan, budhak kuwi mbengok, ”Wong-wong iki abdiné Gusti Allah Sing Mahaluhur.” Paulus akhiré ngomong, ’Nganggo jenengé Yésus, metua saka dhèwèké!’ Akhiré, roh jahaté metu saka budhak kuwi.

Pas ngerti nèk ora isa éntuk keuntungan manèh saka budhak kuwi, para majikané dadi nesu banget. Mula, Paulus lan Silas digawa karo wong-wong kuwi lunga nemoni para pejabat pengadilan. Para majikan kuwi ngomong, ’Wong-wong iki wis nglanggar hukum lan nggawé gègèr kutha.’ Para pejabat kuwi ngongkon bèn Paulus lan Silas digebugi, terus dilebokké penjara. Penjaga penjara nglebokké Paulus lan Silas ing penjara sing paling jero lan paling peteng. Terus, sikilé Paulus lan Silas ya dipasung.

Paulus lan Silas nyanyi muji Yéhuwah, lan kuwi dirungokké karo para tahanan liyané. Ing tengah wengi, ngerti-ngerti ana gempa bumi ing penjara kuwi. Pintu-pintu penjara padha kebukak. Ranté lan pasungé para tahanan ya padha ucul. Penjaga penjara cepet-cepet mlebu. Terus, dhèwèké ndelok nèk pintu-pintu penjara wis kebukak. Penjaga penjara kuwi ngira nèk para tahanan wis padha mlayu. Mula, dhèwèké ngetokké pedhangé lan arep bunuh diri.

Paulus langsung mbengok, ’Aja bunuh diri! Aku kabèh ana ing kéné!’ Penjaga penjara kuwi cepet-cepet mlebu, terus berlutut ing ngarepé Paulus lan Silas. Penjaga penjara kuwi takon, ”Apa sing kudu tak tindakké supaya isa dislametké?” Paulus lan Silas ngomong, ’Kowé lan keluargamu kudu percaya karo Yésus.’ Terus, Paulus lan Silas mulang penjaga penjara kuwi soal Yéhuwah. Bar kuwi, penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis.

”Wong-wong bakal nangkep lan nganiaya kowé, uga nyerahké kowé menyang sinagogé-sinagogé lan penjara-penjara. Kowé bakal digawa menyang ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur merga jenengku. Kuwi bakal dadi kesempatan kanggo kowé mènèhi kesaksian.”—Lukas 21:12, 13