Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 100

Paulus lan Timotius

Paulus lan Timotius

Ana sedulur lanang sing isih enom ing jemaat Listra. Cah enom kuwi jenengé Timotius. Bapaké wong Yunani, lan ibuné wong Yahudi. Kèt cilik, Timotius diwulang soal Yéhuwah karo ibuné lan mbahé. Ibuné jenengé Éunike, lan mbahé jenengé Lois.

Ing perjalanan utusan injilé sing keloro, Paulus teka ing kutha Listra. Paulus ndelok nèk Timotius sayang banget karo para sedulur lan seneng mbantu wong-wong kuwi. Paulus akhiré ngejak Timotius mèlu ing perjalanan utusan injilé. Paulus ya nglatih Timotius bèn isa luwih trampil nginjil lan mulangké kabar apik.

Ing ngendi waé, Paulus lan Timotius dituntun roh suci. Pas bengi, Paulus tau éntuk penglihatan. Ing penglihatan kuwi, ana wong lanang sing njaluk bèn Paulus teka ing Makédonia kanggo mbantu wong-wong ing kana. Mula, Paulus, Timotius, Silas, lan Lukas lunga ing kana kanggo nginjil lan mbentuk jemaat.

Ing kutha Tésalonika ing Makédonia, akèh wong lanang lan wong wédok sing dadi wong Kristen. Tapi, ana wong-wong Yahudi sing iri karo Paulus, Timotius, lan Silas. Wong-wong Yahudi kuwi ngumpulké wong-wong. Terus, Paulus lan kanca-kancané digawa karo rombongan kuwi ing ngarepé para panguwasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ’Wong-wong iki mungsuhé pamréntah Romawi!’ Mula pas bengi, Paulus lan Timotius lunga ing Béréa bèn ora dipatèni.

Wong-wong ing Béréa seneng sinau soal kabar apik. Wong Yunani lan Yahudi ing kono dadi wong Kristen. Wektu ana wong-wong Yahudi sing teka saka Tésalonika lan nggawé masalah, Paulus lunga ing Athéna. Tapi, Timotius lan Silas tetep tinggal ing Béréa bèn isa nguwatké para sedulur ing kono. Bar kuwi, Paulus ngongkon Timotius bali manèh ing Tésalonika kanggo nguwatké para sedulur sing dianiaya. Terus, Paulus ya ngongkon Timotius marani lan nguwatké para sedulur ing jemaat-jemaat liya.

Paulus ngomong karo Timotius, ’Wong sing péngin nglayani Yéhuwah bakal dianiaya.’ Timotius dianiaya lan dipenjara merga imané. Tapi, Timotius seneng merga isa mbuktèkké nèk dhèwèké setya karo Yéhuwah.

Paulus ngomong karo wong Filipi, ’Aku ngongkon Timotius nemoni kowé. Dhèwèké bakal mulang kowé kabèh bèn manut karo pathokané Yéhuwah lan nglatih kowé kanggo nginjil.’ Paulus ngerti nèk Timotius isa dipercaya. Wong loro kuwi dadi sahabat lan terus kerjasama nganti pirang-pirang taun.

”Aku ora nduwé wong liyané manèh sing sikapé kaya dhèwèké, sing bakal kanthi tulus perduli marang kowé kabèh. Kabèh wong liyané padha mikirké kepentingané dhéwé, dudu kepentingané Kristus Yésus.”—Filipi 2:20, 21