Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 103

”Kraton Panjenengan Mugi Rawuh”

”Kraton Panjenengan Mugi Rawuh”

Yéhuwah janji, ’Ora bakal ana manèh tangisan, rasa lara, penyakit, lan kematian. Aku bakal ngusapi kabèh air mata. Kabèh masalah sing mbiyèn ana bakal dilalèkké.’

Yéhuwah nggawé Taman Èden kanggo Adam lan Hawa bèn wong loro kuwi isa bahagia lan ngrasa damai. Wong loro kuwi kuduné nyembah Yéhuwah lan ngebaki bumi karo keturunané. Adam lan Hawa ora manut Yéhuwah. Tapi, tujuané Yéhuwah ora berubah. Saka buku iki, awaké dhéwé wis ngerti nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon. Kratoné Allah bakal mberkahi manungsa, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah karo Abraham.

Ora suwé manèh, Sétan, hantu-hantu, lan kabèh wong jahat bakal ora ana manèh. Kabèh wong sing slamet bakal nyembah Yéhuwah. Awaké dhéwé ora bakal lara lan mati. Awaké dhéwé bakal séhat lan bahagia. Bumi iki bakal dadi firdaus. Kabèh wong bakal isa éntuk panganan sing séhat lan nduwé tempat tinggal sing aman. Ora ana wong sing jahat. Manungsa lan kéwan buas bakal rukun.

Awaké dhéwé mesthi seneng banget wektu Yéhuwah mulai nguripké manèh wong-wong. Awaké dhéwé bakal nyambut wong-wong sing urip ing jaman mbiyèn, contoné Habèl, Nuh, Abraham, Sara, Musa, Rut, Èster, lan Daud. Awaké dhéwé bakal kerjasama nggawé bumi dadi firdaus bareng wong-wong kuwi. Bakal ana akèh gawéan sing nyenengké.

Yéhuwah péngin kowé ngrasakké kuwi kabèh. Kowé isa tambah kenal karo Yéhuwah nganggo cara sing ora tau mbok bayangké. Ayo ngupaya bèn tambah akrab karo Yéhuwah saben dina, saiki lan saklawasé!

”Yéhuwah, Gusti Allahku sing kebak kuwasa, Panjenengan pantes dimulyakké lan dihormati, merga Panjenengan wis nyiptakké sakabèhé.”—Wahyu 4:11