Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Surat saka Pengurus Pusat

Surat saka Pengurus Pusat

Pembaca sing Tak Sayangi:

Awaké dhéwé sing dadi umaté Yéhuwah seneng maca Alkitab. Sejarah sing ditulis ing kono isa dipercaya. Alkitab ya isa dadi tuntunan kanggo urip lan dadi bukti nèk Yéhuwah sayang karo kabèh manungsa. (Mazmur 119:105; Lukas 1:3; 1 Yohanes 4:19) Awaké dhéwé péngin mbantu wong liya sinau soal wulangan sing bener saka Alkitab. Mula, aku lan para sedulur seneng banget isa nyedhiakké buku Ayo Sinau saka Crita Alkitab. Aku lan para sedulur arep nyritakké sithik soal buku iki.

Buku iki khususé dirancang kanggo bocah-bocah. Tapi, buku iki ya isa mbantu wong diwasa sing péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab. Alkitab kuwi buku kanggo kabèh wong. Mula, awaké dhéwé bakal éntuk manfaat lan isa bener-bener bahagia nèk sinau Alkitab.

Buku iki nyritakké soal manungsa kèt pertama diciptakké. Kabèh crita kuwi dhasaré saka Alkitab. Buku iki nyritakké peristiwa-peristiwa ing Alkitab nganggo cara sing jelas lan sederhana. Crita-critané ya diupayakké urut kaya peristiwa asliné.

Tapi, isiné buku iki ora mung crita. Kata-kata lan gambaré digawé bèn awaké dhéwé isa mbayangké apa sing kelakon lan ngrasakké apa sing dialami tokoh-tokohé.

Buku iki mbantu awaké dhéwé ngerti nèk Alkitab nyritakké soal wong-wong sing manut Yéhuwah lan sing ora. Awaké dhéwé ya isa sinau saka pengalamané wong-wong kuwi. (Roma 15:4; 1 Korintus 10:6) Buku iki isiné ana 14 bagéan. Ing saben awal bagéan, ana ringkesan soal apa sing isa dipelajari ing bagéan kuwi.

Nèk nduwé anak, njenengan isa maca salah siji pelajaran karo anaké njenengan, terus rembugen gambaré. Bar kuwi, wacanen ayat-ayat sing dadi dhasaré pelajaran kuwi. Bantunen anaké njenengan ngerti nèk sing disinaoni kuwi dhasaré saka Alkitab. Cara kuwi ya isa digunakké wektu mbantu wong sing wis diwasa kanggo sinau Alkitab.

Aku lan para sedulur péngin bèn buku iki isa mbantu kabèh wong, ora soal enom utawa tuwa, kanggo sinau Alkitab lan ngetrapké pelajarané. Hasilé, wong-wong kuwi ya isa nyembah Yéhuwah lan dadi bagéan saka keluargané Yéhuwah.

Sedulur-sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah