Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 1

Pambuka Bagéan 1

Buku pertama ing Alkitab nyritakké soal ciptaané Yéhuwah ing swarga lan bumi. Awaké dhéwé dadi isa mbayangké ciptaané Yéhuwah. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan nggatèkké ciptaané Yéhuwah sing akèh jenisé. Gusti Allah nyiptakké manungsa nduwé kemampuan sing ora diduwèni kéwan. Manungsa isa ngomong, mikir, nggawé barang, nyanyi, lan ndonga. Bantunen anaké njenengan ngerti nèk Yéhuwah kuwi pinter, nduwé kuwasa sing gedhé banget, lan sayang karo awaké dhéwé.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 1

Yéhuwah Nggawé Swarga lan Bumi

Alkitab ngomong nèk Yéhuwah nggawé swarga lan bumi. Kenapa Yéhuwah nggawé malaékat siji sakdurungé nggawé liya-liyané?

PELAJARAN 2

Wong Lanang lan Wong Wédok sing Pertama

Yéhuwah nggawé wong lanang lan wong wédok sing pertama. Wong loro kuwi dadi keluarga lan manggon ing Taman Èden. Wong loro kuwi tugasé nggawé bumi dadi firdaus.