Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 2

Pambuka Bagéan 2

Kenapa ing jaman mbiyèn Yéhuwah ngukum manungsa nganggo banjir? Kèt mbiyèn, ana sing milih kanggo nindakké sing apik, contoné Habèl lan Nuh. Tapi, ya ana sing milih kanggo nindakké sing jahat, contoné Adam, Hawa, lan Kain. Merga wong sing jahat luwih akèh, Yéhuwah mutuské kanggo ngukum wong-wong kuwi. Ing bagéan iki, awaké dhéwé bakal sinau nèk Yéhuwah ngerti sapa waé sing manut karo Dhèwèké, lan Dhèwèké bakal ngukum wong-wong sing ora manut.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 3

Adam lan Hawa Ora Manut Gusti Allah

Apa bédané wit sing dilarang Yéhuwah karo wit-wit liyané ing Taman Èden? Kenapa Hawa mangan buah saka wit kuwi?

PELAJARAN 4

Seneng Nesu Kuwi Ora Apik

Yéhuwah seneng karo persembahané Habèl, tapi ora seneng karo persembahané Kain. Kain dadi nesu banget lan nindakké sing jahat.

PELAJARAN 5

Bahtera Nuh

Ana malaékat-malaékat sing teka ing bumi, terus nikah karo manungsa lan nduwé anak-anak sing jahat. Akèh wong dadi jahat. Tapi, Nuh tetep manut Yéhuwah.

PELAJARAN 6

Ana Wong Wolu sing Slamet

Banjir Gedhé ana merga udan 40 dina lan 40 wengi. Nuh lan keluargané ana ing bahtera setaun luwih. Akhiré, Yéhuwah ngongkon wong-wong kuwi metu saka bahtera.