Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 3

Pambuka Bagéan 3

Sakwisé Banjir Gedhé, mung ana sithik sing manut Yéhuwah. Salah sijiné yaiku Abraham. Abraham disebut sahabaté Yéhuwah. Kenapa Abraham disebut sahabaté Yéhuwah? Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. Yéhuwah ya péngin mbantu dhèwèké. Kaya Abraham, Lot, Yakub, lan umaté Yéhuwah sing liyané, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah kapan waé. Awaké dhéwé isa yakin nèk janjiné Yéhuwah mesthi kelakon.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 7

Menara Babèl

Wong-wong arep mbangun kutha lan menara sing dhuwuré tekan langit. Kenapa Gusti Allah nggawé basané wong-wong kuwi dadi béda-béda?

PELAJARAN 8

Abraham lan Sara Manut Yéhuwah

Kenapa Abraham lan Sara gelem lunga saka kutha Ur lan urip pindhah-pindhah ing negri Kanaan?

PELAJARAN 9

Akhiré Nduwé Anak

Piyé janjiné Yéhuwah isa kelakon? Liwat Ishak apa liwat Ismaèl?

PELAJARAN 10

Élinga Bojoné Lot

Yéhuwah ngukum wong-wong ing Sodom lan Gomora nganggo udan geni lan belérang. Kenapa kutha kuwi dihancurké? Kenapa kudu ngéling-éling kisahé bojoné Lot?

PELAJARAN 11

Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?

Yéhuwah ngongkon Abraham, ’Ajaken anakmu munggah gunung ing Moria, terus korbanké anakmu ing kana.’ Piyé tanggepané Abraham?

PELAJARAN 12

Yakub Éntuk Warisan

Ishak lan Ribka nduwé anak kembar sing jenengé Ésau lan Yakub. Merga lair pertama, Ésau nduwé hak éntuk warisan istiméwa. Apa sebabé hak kuwi diijolké bubur?

PELAJARAN 13

Yakub lan Ésau Rukun Manèh

Kenapa Yakub gelut karo malaékat lan akhiré éntuk berkah? Piyé carané Yakub isa rukun manèh karo Ésau?