Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 4

Pambuka Bagéan 4

Bagéan iki nyritakké soal Yusuf, Ayub, Musa, lan bangsa Israèl. Sétan terus nggawé wong-wong kuwi susah. Tapi, wong-wong kuwi isa tetep setya. Ana sing dijahati, dipenjara, dadi budhak, lan ditinggal mati wong sing disayangi. Tapi, Yéhuwah terus nglindhungi wong-wong kuwi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti piyé carané wong-wong kuwi isa tetep setya senajan ngalami akèh kesusahan.

Yéhuwah nggunakké Sepuluh Hukuman kanggo mbuktèkké nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang allah-allah Mesir. Jelasna piyé carané Yéhuwah nglindhungi umaté ing jaman mbiyèn, lan piyé carané Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé saiki.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 14

Budhak sing Manut Gusti Allah

Yusuf nindakké apa sing bener, tapi ngalami kesusahan. Kenapa?

PELAJARAN 15

Yéhuwah Ora Ninggalké Yusuf

Senajan adoh saka keluarga, Yusuf ora ditinggalké Yéhuwah.

PELAJARAN 16

Ayub Kuwi Sapa?

Ayub tetep manut senajan ora gampang.

PELAJARAN 17

Musa Milih Nyembah Yéhuwah

Wektu bayi, Musa dislametké ibuné.

PELAJARAN 18

Semak sing Kobong

Kenapa semak sing kobong kuwi ora gosong?

PELAJARAN 19

Telung Hukuman Pertama

Merga sombong, Firaun nggawé bangsa Mesir dihukum.

PELAJARAN 20

Ana Nem Hukuman Manèh

Apa bédané hukuman-hukuman iki karo telung hukuman sing pertama?

PELAJARAN 21

Hukuman sing Kesepuluh

Hukuman iki akhiré isa nggawé Firaun sing sombong gelem mbébaské bangsa Israèl.

PELAJARAN 22

Mukjijat ing Laut Merah

Firaun slamet pas ana sepuluh hukuman. Tapi, apa dhèwèké slamet pas Gusti Allah nggawé mukjijat iki?