Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 6

Pambuka Bagéan 6

Wektu bangsa Israèl wis tekan Tanah Perjanjian, tabernakel dadi pusat ibadah sing bener. Para imam mulangké hukum Taurat, lan para hakim mimpin bangsa Israèl. Bagéan iki bakal njelaské nèk tumindak lan keputusan sing digawé ana pengaruhé kanggo wong liya. Kabèh wong Israèl kudu setya karo Yéhuwah lan para seduluré. Jelasna pengaruh tumindaké Débora, Naomi, Yosua, Hana, anaké Yéfta, lan Samuèl kanggo wong liya. Terangna soal wong-wong saka bangsa liya sing gelem nggabung karo bangsa Israèl merga ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi bangsa Israèl. Contoné, Rahab, Rut, Yaèl, lan wong Gibéon.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 29

Yéhuwah Milih Yosua

Awaké dhéwé isa éntuk manfaat saka naséhaté Yéhuwah kanggo Yosua.

PELAJARAN 30

Rahab Ngumpetké Mata-Mata

Témbok Yérikho hancur. Tapi, omahé Rahab sing ana ing témbok kuwi ora mèlu hancur.

PELAJARAN 31

Yosua lan Wong Gibéon

Yosua ndonga bèn matahariné mandheg. Apa Yéhuwah njawab donga kuwi?

PELAJARAN 32

Pemimpin Anyar lan Wong Wédok Loro sing Kendel

Bar Yosua mati, bangsa Israèl nyembah brahala. Uripé bangsa Israèl dadi tambah susah. Yéhuwah nggunakké Barak, Débora, lan Yaèl kanggo nulungi bangsa Israèl.

PELAJARAN 33

Rut lan Naomi

Wong wédok loro sing bojoné wis mati mulih ing Israèl. Salah sijiné yaiku Rut. Rut kerja ing ladhang lan diamati karo Boaz.

PELAJARAN 34

Gidéon Ngalahké Bangsa Midian

Bangsa Israèl njaluk bantuané Yéhuwah wektu wong Midian nggawé keadaané bangsa Israèl susah. Piyé carané pasukané Gidéon ngalahké 135.000 prajurité mungsuh?

PELAJARAN 35

Hana Ndonga Bèn Nduwé Anak

Èlkana, Hana, Pènina, lan anak-anaké lunga ing Syilo kanggo ngibadah ing tabernakel. Ing kono, Hana ndonga bèn nduwé anak. Taun ngarepé, Samuèl lair.

PELAJARAN 36

Janjiné Yéfta

Yéfta janji apa? Kenapa Yéfta nggawé janji kuwi? Piyé tanggepané anaké Yéfta pas ngerti janjiné bapaké?

PELAJARAN 37

Yéhuwah Ngomong karo Samuèl

Anak-anaké Imam Agung Èli nglayani dadi imam ing tabernakel, tapi ora manut hukumé Yéhuwah. Samuèl tetep manut. Yéhuwah ngomong karo Samuèl.

PELAJARAN 38

Yéhuwah Nggawé Simson Dadi Kuwat

Yéhuwah nggawé Simson dadi kuwat bèn isa nglawan wong Filistin. Tapi, Simson nggawé kesalahan. Akhiré, dhèwèké ditangkep wong Filistin.