Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 7

Pambuka Bagéan 7

Bagéan iki nyritakké peristiwa saksuwéné 80 taun, yaiku soal Raja Saul lan Raja Daud. Mauné, Saul rendah hati lan manut Yéhuwah. Tapi, Saul berubah. Dhèwèké dadi ora manut Yéhuwah manèh. Yéhuwah ora seneng. Mula, Yéhuwah ngongkon Samuèl ngurapi Daud dadi raja Israèl sing anyar. Saul iri karo Daud. Mula, dhèwèké bola-bali nyoba matèni Daud. Tapi, Daud ora tau balas dendam. Yonatan kuwi anaké Saul. Tapi, Yonatan setya karo Daud merga ngerti nèk Daud sing dipilih Yéhuwah. Daud tau nindakké dosa. Tapi, wektu dinaséhati Yéhuwah, Daud gelem ngrungokké. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan bèn terus manut lan setya karo Yéhuwah lan wong-wong sing dipilih Yéhuwah.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 39

Raja Israèl sing Pertama

Yéhuwah mènèhi hakim kanggo bangsa Israèl. Tapi, bangsa kuwi péngin nduwé raja. Saul dipilih dadi raja. Tapi, akhiré Saul ditolak karo Yéhuwah. Kenapa?

PELAJARAN 40

Daud lan Goliat

Yéhuwah milih Daud dadi raja Israèl sing anyar, lan Daud mbuktèkké nèk dhèwèké bakal dadi raja sing apik.

PELAJARAN 41

Daud lan Saul

Kenapa Saul sengit karo Daud, lan piyé tanggepané Daud?

PELAJARAN 42

Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya

Anaké Raja Saul dadi sahabaté Daud.

PELAJARAN 43

Dosané Raja Daud

Keputusan sing salah nggawé akèh kesusahan.