Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 8

Pambuka Bagéan 8

Salomo diwènèhi Yéhuwah kawicaksanan lan dikon mbangun bait. Tapi, suwé-suwé Salomo dadi ora manut Yéhuwah. Nèk nduwé anak, jelasna karo dhèwèké nèk sing nyebabké Salomo dadi ora manut kuwi merga nduwé kanca-kanca sing ora nyembah Yéhuwah. Kerajaané kebagi dadi loro, lan raja-raja sing jahat nggawé bangsa Israèl dadi murtad lan nyembah brahala. Wektu kuwi, ana akèh nabiné Yéhuwah sing disiksa lan dipatèni. Ratu Izebèl nggawé kerajaan utara dadi tambah murtad. Ing jaman kuwi, keadaané bener-bener kacau. Tapi, isih ana akèh wong sing nyembah Yéhuwah ing antarané bangsa Israèl. Contoné yaiku Raja Yéhosyafat lan Nabi Èlia.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 44

Bait kanggo Yéhuwah

Yéhuwah njawab dongané Salomo. Terus, Salomo ya diwènèhi kesempatan mbangun bait.

PELAJARAN 45

Kerajaané Kebagi

Akèh wong Israèl ora nyembah Yéhuwah manèh.

PELAJARAN 46

Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Bener

Gusti Allah sing bener kuwi sapa? Yéhuwah utawa Baal?

PELAJARAN 47

Yéhuwah Nguwatké Èlia

Nurutmu, apa Yéhuwah ya isa nguwatké kowé?

PELAJARAN 48

Anaké Janda Urip Manèh

Rong mukjizat sing kelakon ing omah sing padha.

PELAJARAN 49

Ratu sing Jahat Dihukum

Izebèl matèni Nabot bèn isa éntuk kebon angguré. Yéhuwah ngerti kabèh sing ditindakké Izebèl.

PELAJARAN 50

Yéhuwah Mbantu Yéhosyafat

Raja Yéhosyafat ndonga wektu Yéhuda arep diserang mungsuh.