Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 12

Pambuka Bagéan 12

Yésus mulang soal Kraton swarga. Yésus ya mulang wong-wong ndongakké bèn jenengé Gusti Allah disucèkké, Kratoné Allah teka, lan kepénginané Gusti Allah kelakon ing bumi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti arti donga kuwi lan pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Yésus nolak godhaané Sétan lan tetep setya. Yésus milih rasul-rasul sing akhiré bakal éntuk tugas penting ing Kratoné Allah. Jelasna nèk Yésus semangat ndhukung ibadah sing bener. Yésus seneng mbantu wong liya. Mula, dhèwèké marèkké wong lara, mènèhi mangan wong akèh, lan nguripké wong mati. Liwat mukjijat-mukjijat kuwi, Yésus nduduhké apa sing bakal ditindakké Kratoné Allah kanggo manungsa.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 74

Yésus Dadi Mésias

Apa maksudé Yohanes wektu ngomong Yésus kuwi Anak Dombané Gusti Allah?

PELAJARAN 75

Sétan Nggodha Yésus

Sétan nggodha Yésus nganti ping telu. Yésus dikon ngapa waé? Apa jawabané Yésus?

PELAJARAN 76

Yésus Ngusir Para Pedagang ing Bait

Kenapa Yésus ngusir kéwan-kéwan saka bait nganggo pecut lan njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit?

PELAJARAN 77

Wong Wédok ing Sumur

Wektu dijak omong karo Yésus ing sumuré Yakub, wong wédok Samaria kuwi kagèt. Kenapa? Apa sing diomongké Yésus?

PELAJARAN 78

Yésus Nyampèkké Berita soal Kratoné Allah

Yésus ngundang murid-muridé kanggo dadi ”tukang njala manungsa”. Yésus ya nglatih 70 muridé kanggo nginjil.

PELAJARAN 79

Yésus Nggawé Akèh Mukjizat

Ing ngendi waé Yésus lunga, akèh wong sing lara marani dhèwèké bèn dimarèkké Yésus. Yésus ya nguripké manèh bocah wédok sing wis mati.

PELAJARAN 80

Yésus Milih 12 Rasul

Kenapa Yésus milih wong-wong kuwi? Apa kowé apal jeneng-jenengé?

PELAJARAN 81

Ceramah ing Gunung

Yésus mulangké pelajaran sing ana manfaaté kanggo wong akèh.

PELAJARAN 82

Yésus Mulang Carané Ndonga

Yésus ngongkon murid-muridé ’terus njaluk’ apa?

PELAJARAN 83

Yésus Mènèhi Mangan Wong Akèh

Saka mukjizat iki, apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah lan Yésus?

PELAJARAN 84

Yésus Mlaku ing Laut

Apa kowé isa mbayangké perasaané para rasul wektu ndelok mukjizat kuwi?

PELAJARAN 85

Yésus Marèkké Wong ing Dina Sabat

Kenapa ora kabèh wong seneng karo apa sing ditindakké Yésus?

PELAJARAN 86

Yésus Nguripké Lazarus

Wektu ndelok Maria nangis, Yésus ya mèlu nangis. Tapi bar kuwi, ana peristiwa sing nggawé wong-wong mau bahagia.