Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 14

Pambuka Bagéan 14

Wong Kristen ing jamané para rasul nginjil nganti dhaérah sing paling adoh ing bumi. Yésus mènèhi petunjuk kanggo wong-wong kuwi soal ing ngendi kudu nginjil. Yésus ya mbantu wong-wong kuwi mulang nganggo akèh basa. Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi tetep kendel senajan dianiaya.

Yésus mènèhi Rasul Yohanes penglihatan soal kamulyané Yéhuwah. Yohanes ya diwènèhi penglihatan soal Kraton swarga sing ngalahké Sétan lan ngendhegké pengaruhé. Yohanes ya ndelok Yésus lan 144.000 wong dadi raja. Penglihatan liyané yaiku bumi diubah dadi firdaus. Wong-wong sing manggon ing kono padha nyembah Yéhuwah, ngrasa damai, lan rukun.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 94

Murid-Murid Éntuk Roh Suci

Roh suci nggawé para murid isa nindakké apa?

PELAJARAN 95

Ora Ana sing Isa Ngalangi Para Rasul

Para pemimpin agama sing mauné matèni Yésus mulai ngalang-alangi murid-murid kanggo nginjil. Tapi, kuwi ora berhasil.

PELAJARAN 96

Yésus Milih Saul

Saul kuwi mungsuhé wong Kristen. Tapi, dhèwèké akhiré berubah.

PELAJARAN 97

Kornélius Éntuk Roh Suci

Kenapa Yéhuwah ngongkon Pétrus lunga ing omahé wong sing dudu Yahudi?

PELAJARAN 98

Wong-Wong saka Bangsa Liya Dadi Wong Kristen

Rasul Paulus lan kanca-kancané nginjil ing dhaérah-dhaérah sing adoh.

PELAJARAN 99

Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen

Kenapa Paulus lan Silas dipenjara? Piyé critané penjaga penjara isa dadi wong Kristen?

PELAJARAN 100

Paulus lan Timotius

Wong loro kuwi dadi sahabat lan terus kerjasama nganti pirang-pirang taun.

PELAJARAN 101

Paulus Digawa ing Roma

Ing perjalanan ana akèh bahaya, tapi ora ana sing isa ngendhegké Paulus.

PELAJARAN 102

Yohanes Éntuk Penglihatan

Yésus mènèhi Yohanes akèh penglihatan soal masa depan.

PELAJARAN 103

”Kraton Panjenengan Mugi Rawuh”

Yohanes éntuk penglihatan sing nduduhké perubahan apa waé sing bakal digawé Kratoné Allah.