Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 24

Ayo Munggah Gunungé Yah

Ayo Munggah Gunungé Yah

(Yésaya 2:2-4)

  1. 1. Kabèh bangsa teka,

    Munggah ing gunungé Yah.

    Kabèh padha marani

    gunungé sing megah.

    Ayo padha mèlu,

    Bareng-bareng ngibadah.

    Ayo ngejak wong liya

    bèn padha nyembah Yah.

    Saiki wektuné

    sing cilik dadi bangsa gedhé,

    Sing terus ngupaya

    manut karo kabèh préntahé.

    Wong-wong kuwi janji

    bakal setya s’lawasé.

    Wong sing gelem manut

    mesthi nampa berkahé.

  2. 2. Yésus wis mréntahké

    wong sing dadi muridé

    padha terus martakké

    kabar sing nyenengké.

    Iki wis wektuné

    ndhukung pem’rintahané,

    Bareng karo liyané

    Huwah diluhurké.

    Senengé rasané

    merga padha mèlu ngumumké,

    Ngandhani liyané

    soal Yéhuwah lan berkahé.

    Ayo padha munggah

    ing gunungé Yéhuwah.

    Ayo t’rus ngibadah,

    Bareng-bareng nyembah Yah.