Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 26

Kuwi kanggo Aku

Kuwi kanggo Aku

(Matius 25:34-40)

  1. 1. Domba liya mèlu bareng-bareng kerja

    karo wong pilihan sing munggah swarga.

    Domba liya réla mbantu lan nggatèkké,

    Mengko mesthi bakal éntuk gantiné.

    (REFREIN)

    Sing wis mbantu dhèké, ya mbantu aku.

    Kuwi padha waé nggatèkké aku.

    Sing ndongakké dhèké, ndongakké aku.

    Sing sayang dhèké, ya sayang aku.

    Sing wis nampa dhèké, ya nampa aku.

  2. 2. Pas dhèwèké butuh, mesthi mbok cukupi.

    Wektu ngelak ngelih, mbok sedhiani.

    Nèk ’ra ngerti kapan kuwi mbok lakoni,

    Yésus bakal ngandhani soal kuwi,

    (REFREIN)

    Sing wis mbantu dhèké, ya mbantu aku.

    Kuwi padha waé nggatèkké aku.

    Sing ndongakké dhèké, ndongakké aku.

    Sing sayang dhèké, ya sayang aku.

    Sing wis nampa dhèké, ya nampa aku.

  3. 3. Tugas mbok lakoni, lan kowé t’rus setya,

    Nginjil bareng karo sing munggah swarga.

    Yésus Kristus ngomong karo domba liya,

    ”Warisana bumi, urip sampurna.”

    (REFREIN)

    Sing wis mbantu dhèké, ya mbantu aku.

    Kuwi padha waé nggatèkké aku.

    Sing ndongakké dhèké, ndongakké aku.

    Sing sayang dhèké, ya sayang aku.

    Sing wis nampa dhèké, ya nampa aku.