Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 34

Setya lan Manut Yéhuwah

Setya lan Manut Yéhuwah

(Mazmur 26)

  1. 1. Oh Yéhuwah, tulung priksa aku.

    Deloken imanku lan rasa setyaku.

    Apa aku wis manut préntah-Mu?

    Tulung bantu aku bèn murni atiku.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, wis dadi tékadku,

    Saben dina kudu manut tuntunan-Mu.

  2. 2. Wong sing jahat ora dadi bala,

    Lan wong sing ngapusi ora dadi kanca.

    Aku aja nganti ilang nyawa

    karo wong-wong jahat sing wis nggawé dosa.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, wis dadi tékadku,

    Saben dina kudu manut tuntunan-Mu.

  3. 3. Aku seneng t’rus dadi abdi-Mu.

    Aku seneng banget manggon ing omah-Mu,

    Seneng isa t’rus ngumpul umat-Mu

    lan bareng liyané ngluhurké jeneng-Mu.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, wis dadi tékadku,

    Saben dina kudu manut tuntunan-Mu.

(Deloken Mzm. 25:2.)