Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 43

Donga Ngucap Syukur

Donga Ngucap Syukur

(Mazmur 95:2)

  1. 1. Aku muji lan ngucapké syukurku

    karo Huwah sing ngrungokké aku.

    Aku percaya Njenengan t’rus mbantu,

    Dadi ilang rasa kuwatirku.

    Merga akèh dosa karo salahku,

    Tulung Njenengan ngampuni aku.

    Maturnuwun wis mènèhi anak-Mu

    dadi tebusan kanggo dosaku.

  2. 2. Maturnuwun Njenengan narik aku.

    Aku isa ngrasakké tresna-Mu.

    Tulung Njenengan t’rus ngajari aku

    piyé carané manut préntah-Mu.

    Nuwun merga mènèhi roh suci-Mu,

    Nggawé kendel martakké jeneng-Mu.

    Muga terus rendah hati sifatku

    bèn isa nggawé seneng ati-Mu.