Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 45

Sing Kuduné Tak Pikirké

Sing Kuduné Tak Pikirké

(Mazmur 19:14)

  1. 1. Muga kabèh pikiranku,

    Kabèh isiné atiku,

    Isa nyenengké ati-Mu,

    Tulung aku, oh Bapakku.

    Wektu ’ra tenang atiku,

    Dadi ora isa turu,

    Aku mikirké Allahku,

    Aku nguwatké imanku.

  2. 2. Aku njaga pikiranku

    bèn cocog karo karep-Mu,

    Bakalé tenang atiku

    merga nyenengké ati-Mu.

    Mémang hébat pikiran-Mu,

    Akèh pengetahuan-Mu,

    Aku bakal t’rus sinau,

    Tak lebokké ing atiku.