Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 70

Nggolèk sing Gelem Ngrungokké

Nggolèk sing Gelem Ngrungokké

(Matius 10:11-15)

  1. 1. Pas Yésus ngongkon muridé martakké,

    Dhèké ngandhani carané.

    Nèk ketemu wong sing gelem ngrungokké,

    Wong kuwi kudu digatèkké.

    Wong kuwi péngin ngerti ajarané

    lan ya péngin isa ngetrapké.

    Ning, nèk ana sing ’ra gelem ngrungokké,

    Cepet lunga saka omahé.

  2. 2. Sing gelem nampa lan ngrungokké kowé

    isa urip saklawasé.

    Dhèké nampa tulus saka atiné,

    Manut karo Yah lan préntahé.

    Aja bingung sing arep diomongké,

    Yéhuwah bakal mbantu kowé.

    Omonganmu kudu tetep nyenengké,

    Bèn wong-wong ’dha gelem ngrungokké.