Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 73

Bantu Aku Kendel

Bantu Aku Kendel

(Kisah 4:29)

  1. 1. Kerajaan tak wartakké,

    Jeneng-Mu tak umumké,

    Ana akèh sing ngrèmèhké

    lan malah terus ngécé.

    Aku péngin t’rus wani,

    Yéhuwah sing tak turuti.

    Mula aku njaluk roh suci,

    Tulung aku bèn ’ra wedi.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, bantu aku

    kendel mbéla jeneng-Mu,

    Bantu aku ora ragu,

    Bèn kabèh isa krungu.

    Bakalé teka dina-Mu,

    Mula tulungana aku,

    Kendel martakké jeneng-Mu,

    Oh Bapakku.

  2. 2. Wektu aku ngrasa wedi,

    Yéhuwah sing nulungi,

    Merga Yéhuwah wis janji

    ’ra ninggalké sing ngabdi.

    Yéhuwah tulung aku,

    Wektu nyritakké jeneng-Mu.

    Muga Njenengan terus mbantu,

    Terus nguwatké imanku.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, bantu aku

    kendel mbéla jeneng-Mu,

    Bantu aku ora ragu,

    Bèn kabèh isa krungu.

    Bakalé teka dina-Mu,

    Mula tulungana aku,

    Kendel martakké jeneng-Mu,

    Oh Bapakku.