LAGU 75
Utus Aku
-
1. Akèh wong jaman saiki
karo Huwah ora ngerti,
Ngécé jenengé sing suci,
Padha ora gelem ngabdi.
Sapa sing gelem ngandhani
sing bener soal Yah Gusti?
(REFREIN 1)
’Oh Allahku, iki aku.
Oh Bapakku, utus aku,
Bakal tak mulyakké jeneng-Mu.
Oh Huwah, utus aku.’
-
2. Wong-wong padha ora wedi
karo Allah sing sejati,
’Dha ’ra nyembah Huwah Gusti,
Malah karo patung ngabdi.
Sapa sing bakal ngandhani
soal dinané Yah Gusti?
(REFREIN 2)
’Oh Allahku, iki aku.
Oh Bapakku, utus aku,
Bèn kabèh wong ngerti dina-Mu.
Oh Huwah, utus aku.’
-
3. Wong sing bener padha susah,
Merga wong jahaté nambah.
Mula péngin kenal Huwah,
Ngerti sing bener saka Yah.
Sapa sing bakalé mulang
wong-wong sing nggolèki Huwah?
(REFREIN 3)
’Oh Allahku, iki aku.
Oh Bapakku, utus aku,
’Nggo mbantu wong dadi abdi-Mu.
Oh Huwah, utus aku.’
(Deloken Mzm. 10:4; Yèh. 9:4.)