Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 91

Berkah lan Bantuané Yéhuwah

Berkah lan Bantuané Yéhuwah

(Mazmur 127:1)

  1. 1. Huwah maturnuwunku,

    Rasané seneng atiku,

    Merga tuntunan-Mu, berkah-Mu,

    K’lakon karep-Mu.

    Wis dadi panggonan-Mu,

    Tak bangun merga tresnaku.

    Iki kehormatan ’nggo aku

    mbangun omah-Mu.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, Gusti Allahku,

    Seneng rasané atiku,

    Isa mèlu mbangun omah-Mu, maturnuwun,

    Iki merga bantuan-Mu.

  2. 2. Ati iki terharu,

    Kerja bareng sedulurku,

    Merga roh suci-Mu sing mbantu

    aku bersatu.

    Iki pancèn berkah-Mu

    ’nggo aku lan sedulurku,

    Isa terus rukun, bersatu,

    Muji jeneng-Mu.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, Gusti Allahku,

    Seneng rasané atiku,

    Isa mèlu mbangun omah-Mu, maturnuwun,

    Iki merga bantuan-Mu.