Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 100

Murah Hati lan Seneng Nampa Tamu

Murah Hati lan Seneng Nampa Tamu

(Kisah 17:7)

  1. 1. Yéhuwah ’ra seneng mbédak-bédakké.

    Huwah murah hati karo liyané.

    Sing dudu umaté ya éntuk berkahé,

    Isa mangan saben dinané.

    Tirunen Huwah sing gampang mesakké,

    Nggatèkké wong-wong sing susah uripé.

    Yah mesthi mberkahi sing niru sifaté,

    Sing apikan karo liyané.

  2. 2. Nèk seneng nulungi wong sing mbutuhké,

    Mesthi puas, seneng banget atiné.

    Meski ora kenal, tetep digatèkké,

    Ora masalah sapa wongé.

    Kaya Lidia sing nampa tamuné,

    Ayo nyambut lan nggatèkké liyané.

    Huwah mesthi sayang sing niru sifaté,

    Bakal akèh banget berkahé.