Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 106

Tresna Kudu Nyata

Tresna Kudu Nyata

(1 Korintus 13:1-8)

  1. 1. Saben dina aku t’rus ndonga

    péngin niru sifaté Huwah.

    Sifaté sing paling utama,

    Tresna, hasil roh suci Allah.

    Pinter, kendel, ’ra ana guna,

    Nèk ora nduwé rasa tresna.

    Mula, katresnan kudu nyata,

    T’rus dipraktèkké saben dina.

  2. 2. Tresna kuwi seneng mènèhi,

    Sabar, apikan, rendah hati,

    ’Ra sombong lan ’ra seneng iri,

    Ora mbales nèk dijahati,

    Ngampuni salahé liyané,

    Ora mikir pentingé dhéwé,

    Sabar ngadhepi apa waé,

    Tresna ora ana entèké.