Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 111

Bahagia Merga Yéhuwah

Bahagia Merga Yéhuwah

(Matius 5:12)

  1. 1. Seneng rasané ati iki

    karo Huwah isa ngabdi,

    Bareng sedulur sing nresnani,

    Padha muji Huwah Gusti.

    Merga sinau Kitab Suci,

    Dadi kuwat iman iki.

    Saben dina t’rus dilakoni,

    Bakal nggawé seneng ati.

    Meskipun susah diadhepi,

    Yéhuwah mesthi nulungi,

    Dadi t’rus seneng ati iki,

    Kuwi berkahé Yah Gusti.

    (REFREIN)

    Bahagia merga Huwah,

    Sing mènèhi akèh berkah.

    Kabèh karyané luar biasa.

    Yéhuwah pancèn apikan.

  2. 2. Huwah kuwi akèh karyané,

    Langit bumi diciptakké.

    Kuwi ditulis ing kitabé,

    Dadi ngerti kuwasané.

    Huwah ya nugasi umaté

    martakké Kerajaané.

    Tugas kuwi mesthi nyenengké,

    Merga Yah sayang umaté.

    Bakal k’lakon kabèh janjiné,

    Masa depan sing nyenengké.

    Kabèh isa éntuk berkahé,

    Bahagia saklawasé.

    (REFREIN)

    Bahagia merga Huwah,

    Sing mènèhi akèh berkah.

    Kabèh karyané luar biasa.

    Yéhuwah pancèn apikan.