Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 117

Nindakké Apa sing Bener

Nindakké Apa sing Bener

(2 Babad 6:41)

  1. 1. Gusti Allah lan Bapakku,

    Mesthi bener préntah-Mu,

    T’rus setya karo umat-Mu,

    Akèh banget berkah-Mu.

    Meskipun akèh salahku,

    Huwah ngampuni aku.

    Kuwi kabèh nggawé aku

    gelem dadi abdi-Mu.

  2. 2. Oh Yéhuwah, tulung aku

    isa niru sifat-Mu.

    Aku njaluk roh suci-Mu

    bèn terus mbantu aku

    rajin martakké jeneng-Mu,

    Mulangké ajaran-Mu,

    Lan muga tingkah lakuku

    t’rus nyenengké ati-Mu.

  3. 3. Oh Huwah, berkahi aku,

    Aku niru sifat-Mu,

    Apikan karo s’dulurku,

    T’rus nyenengké ati-Mu,

    Lan karo wong-wong liyané,

    Tresna ya tak duduhké.

    Sing bener t’rus tak tindakké,

    Bèn Huwah diluhurké.