Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 125

’Wong sing Nduwé Rasa Mesakké Kuwi Bahagia’

’Wong sing Nduwé Rasa Mesakké Kuwi Bahagia’

(Matius 5:7)

  1. 1. Yéhuwah gampang mesakké

    karo kabèh ciptaané,

    Apikan karo umaté,

    Mènèhi kebutuhané.

    Huwah ngrungokké dongané

    sing tobat saka dosané,

    Huwah ngampuni salahé,

    Bukti Yah gampang mesakké.

  2. 2. Yéhuwah sayang umaté,

    Gelem ngampuni salahé.

    Yésus ngandhani carané

    bèn diampuni salahé,

    Kudu ngampuni liyané,

    Nyingkirké rasa dendamé,

    Bakalé ayem rasané,

    Huwah ya seneng atiné.

  3. 3. Nèk niru Yéhuwah Gusti,

    Bakalé seneng mènèhi,

    Meski ’ra ana sing ngerti

    lan ora ana sing muji.

    Tapi Huwah mesthi ngerti,

    Huwah sing bakal mberkahi.

    Kuwi nggawé seneng ati

    merga wis nyenengké Gusti.

(Deloken Mat. 6:2-4, 12-14.)