Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 130

Kudu Seneng Ngampuni

Kudu Seneng Ngampuni

(Mazmur 86:5)

  1. 1. Yah gedhé tresnané,

    Sayang kabèh umaté.

    Anaké wis dikorbanké

    bèn wong urip s’lawasé.

    Huwah ngampuni abdiné

    sing ngakoni salahé,

    Nganggo jenengé Anaké,

    Sing wis nebus umaté.

  2. 2. Yah bakal ngampuni

    wong sing gelem ngampuni,

    Kudu tulus saka ati,

    Nganti ping bola-bali.

    Aja gampang lara ati,

    Sedulur disayangi,

    Kudu terus dihargai,

    Kuwi tresna sejati.

  3. 3. Yah péngin umaté

    niru kabèh sifaté.

    ’Ra sengit karo liyané,

    Ora ngungkit salahé.

    Yéhuwah gampang mesakké

    lan gedhé katresnané.

    Nèk gelem niru sifaté,

    Huwah seneng atiné.