Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 136

Yéhuwah Mesthi Mberkahi

Yéhuwah Mesthi Mberkahi

(Rut 2:12)

  1. 1. Yéhuwah ’ra lali karo abdiné,

    Sing t’rus nyenengké atiné.

    Ana sing kudu pisah wong tuwané

    lan lunga saka omahé.

    Yéhuwah mesthi mènèhi gantiné

    lan berkah urip s’lawasé.

    Huwah mènèhi berkah sing liyané,

    Kanca-kanca sing nyenengké.

    (REFREIN)

    Muga Huwah mènèhi berkahé.

    Muga Huwah mènèhi gantiné.

    Nèk t’rus setya dadi abdiné,

    Yéhuwah ’ra bakal nglalèkké kowé.

  2. 2. Uripku iki akèh masalahé,

    Kadhang susah ngadhepiné.

    Sedhih, sengsara kerep tak rasakké,

    Kadhang ’ra sanggup rasané.

    Tapi Yah ngerti lan mesthi nguwatké

    liwat sedulur liyané.

    Huwah ya mbantu liwat roh suciné

    lan mènèhi tuntunané.

    (REFREIN)

    Muga Huwah mènèhi berkahé.

    Muga Huwah mènèhi gantiné.

    Nèk t’rus setya dadi abdiné,

    Yéhuwah ’ra bakal nglalèkké kowé.