Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 3

”Aku Mulai Éntuk Wahyu saka Gusti Allah”

”Aku Mulai Éntuk Wahyu saka Gusti Allah”

YÈHÈZKIÈL 1:1

INTINÉ: Wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal krétané Yéhuwah

1-3. (a) Critakna sing didelok lan dirungokké Yèhèzkièl. (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Kekuwatan apa sing dirasakké Yèhèzkièl, lan apa pengaruhé?

 YÈHÈZKIÈL lagi ana ing padhang pasir. Saka kadohan dhèwèké ndelok ana sesuatu sing nyedhak. Dhèwèké ndelok nganti mlongo merga nggumun banget. Ana angin sing banter banget saka lor. Saking banteré, klambi lan rambuté Yèhèzkièl nganti mobat-mabit. Dhèwèké ya ndelok ana awan sing gedhé lan kilat geni sing bersinar kaya emas putih. * Bar kuwi, dhèwèké krungu ana swara sing saya suwé saya banter kaya swarané pasukan tentara.​—Yèh. 1:4, 24.

2 Wektu kuwi Yèhèzkièl umur 30 taun. Kuwi pertama kaliné dhèwèké éntuk wahyu saka Yéhuwah, lan dhèwèké mesthi ora bakal lali karo peristiwa kuwi. Dhèwèké ngrasakké ”kekuwatané Yéhuwah”, yaiku roh suciné Yéhuwah sing luar biasa. Merga roh suci, dhèwèké isa ndelok lan ngrungokké wahyu sing luar biasa, sing luwih hébat timbang film sing paling apik sing tau digawé manungsa. Yèhèzkièl nggumun banget nganti dhèwèké sujud wektu ndelok wahyu kuwi.​—Yèh. 1:3, 28.

3 Tujuané Yéhuwah mènèhi wahyu kuwi ora mung bèn Yèhèzkièl nggumun. Ning, kabèh wahyu sing didelok Yèhèzkièl sakjané ana artiné kanggo Yèhèzkièl lan umaté Yéhuwah jaman saiki. Mula, ayo mbahas wahyu sing didelok lan dirungokké Yèhèzkièl.

Keadaan Wektu Kuwi

4, 5. Piyé keadaané wektu Yèhèzkièl éntuk wahyu saka Yéhuwah?

4 Wacanen Yèhèzkièl 1:1-3. Coba bayangna keadaané. Wektu kuwi taun 613 SM. Kaya sing dibahas ing bab sakdurungé, Yèhèzkièl ana ing Babilon. Dhèwèké manggon bareng tawanan liyané ing cedhak Kali Khébar. Kétoké, Kali Khébar kuwi kali sing digawé manungsa lan isa diliwati kapal. Kali kuwi ngalir saka Kali Éfrat, terus banyuné ngalir manèh ing Kali Éfrat.

Yèhèzkièl manggon bareng tawanan liyané ing cedhak Kali Khébar (Deloken paragraf 4)

5 Wong-wong sing ditawan kuwi asalé saka Yérusalèm sing jaraké kira-kira 800 kilomèter saka kono. * Mbiyèn, bapaké Yèhèzkièl nglayani dadi imam ing bait Yérusalèm. Ning, saiki bait kuwi wis ora dienggo ngibadah marang Yéhuwah manèh, malah dienggo nyembah déwa-déwa. Pamréntahan ing Yérusalèm dadi bobrok, padahal mbiyèn pas Daud lan Salomo dadi raja, pamréntahané ora kaya ngono. Saiki, Raja Yéhoyakhin sing ora nduwé iman ditawan ing Babilon. Terus, Raja Zédékia sing nggantèni dhèwèké kuwi jahat lan dikuwasani raja Babilon.​—2 Raj. 24:8-12, 17, 19.

6, 7. Ngapa kok Yèhèzkièl sedhih banget?

6 Yèhèzkièl kuwi wong sing nduwé iman. Dadi, dhèwèké mesthi sedhih banget wektu ngerti keadaané kaya ngono. Wong-wong sing ditawan mungkin mikir, ’Apa Yéhuwah wis ora sayang karo awaké dhéwé? Apa pengaruh èlèk saka Babilon lan déwa-déwané bakal nyingkirké ibadah sing murni? Apa Babilon bakal nyingkirké pamréntahané Yéhuwah ing bumi?’

7 Njenengan isa sinau soal wahyu pertama sing ditampa Yèhèzkièl. Wektu maca keterangan soal kuwi, bayangna keadaané. (Yèh. 1:4-28) Bayangna njenengan dadi Yèhèzkièl sing lagi ndelok lan ngrungokké wahyu saka Yéhuwah.

Kali Éfrat sing ana ing cedhak Karkhémis (Deloken paragraf 5-7)

Kréta sing Apik Banget

8. Yèhèzkièl ndelok apa, lan kuwi nggambarké apa?

8 Yèhèzkièl ndelok apa? Dhèwèké ndelok sesuatu sing bentuké kaya kréta sing gedhé lan apik banget. Kréta kuwi rodhané ana papat sing ukurané gedhé banget. Ing sampingé saben rodha, ana malaékat sing disebut kerub. (Yèh. 10:1) Ing ndhuwuré, ana lantai kristal sing mengkilap kaya ès sing dibentangké. Ing ndhuwuré lantai kuwi, ana takhtané Yéhuwah. Sakjané, kréta sing didelok Yèhèzkièl kuwi nggambarké apa? Kuwi nggambarké organisasiné Yéhuwah sing ana ing swarga. Kok isa? Buktiné ana telu. Ayo dibahas siji-siji.

9. Ngapa kok kréta kuwi isa nggambarké wewenangé Yéhuwah kanggo ngarahké para malaékat?

9 Yéhuwah nduwé wewenang kanggo ngarahké kabèh malaékat. Ing wahyu iki, takhtané Yéhuwah ana ing ndhuwuré kerub-kerub. Ayat-ayat liyané ya nyebutké nèk takhtané Yéhuwah ana ing ndhuwuré utawa ing tengahé kerub-kerub. (Wacanen 2 Para Raja 19:15; Pa. 25:22; Mzm. 80:1) Kuwi ora berarti Yéhuwah tenanan lungguh ing ndhuwuré kerub-kerub merga Yéhuwah ora perlu disangga para malaékaté. Yéhuwah ya ora perlu numpak kréta bèn isa lunga ing endi-endi. Ning, kuwi berarti kerub-kerub ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah, lan Yéhuwah isa ngutus kerub-kerub ing endi waé kanggo nindakké apa sing dikarepké Yéhuwah. Kaya malaékat-malaékat liyané, kerub-kerub kuwi abdiné Yéhuwah sing nindakké préntahé. (Mzm. 104:4) Dadi, takhtané Yéhuwah sing ana ing ndhuwuré kerub-kerub kuwi nggambarké nèk Yéhuwah ngarahké para malaékaté ing swarga.

10. Apa buktiné nèk kréta kuwi ora mung nggambarké kerub papat?

10 Kréta kuwi ora mung nggambarké kerub papat. Yèhèzkièl ndelok ana kerub papat. Ing Alkitab, angka papat biasané nggambarké sesuatu sing lengkap utawa sing mencakup kabèh. Mula, cocog nèk kerub papat kuwi nggambarké kabèh malaékaté Yéhuwah sing setya. Sakliyané kuwi, rodha-rodha lan kerub-kerub mau kebak mripat. Nèk kebak mripat, kuwi berarti isa ngawasi apa waé. Sing isa ngawasi apa waé kuwi ora mung kerub papat mau, tapi kabèh malaékaté Yéhuwah. Terus, kréta sing didelok Yèhèzkièl kuwi ukurané gedhé banget nganti kerub-kerub sing ana ing sampingé dadi kétok cilik. (Yèh. 1:18, 22; 10:12) Padha kaya kréta sing gedhé banget kuwi, organisasiné Yéhuwah ing swarga ya gedhé banget. Dadi, sing termasuk ing organisasiné Yéhuwah ing swarga ora mung kerub papat kuwi.

Yèhèzkièl nggumun wektu ndelok krétané Yéhuwah (Deloken paragraf 8-10)

11. (a) Critakna wahyu sing didelok Danièl sing mirip kaya wahyu sing didelok Yèhèzkièl. (b) Saka wahyu sing didelok Danièl, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

11 Danièl ya éntuk wahyu soal swarga. Nabi Danièl wis suwé ditawan ing Babilon. Pas ing kono, dhèwèké ya éntuk wahyu soal takhtané Yéhuwah ing swarga. Takhtané Yéhuwah kuwi ana rodhané, mirip kaya wahyu sing didelok Yèhèzkièl. Tapi, wahyu sing ditampa Danièl iki fokusé soal jumlahé para malaékat ing swarga sing akèh banget. Danièl ndelok ’ana sèwu ping sèwu malaékat lan ana sepuluh èwu ping sepuluh èwu malaékat’ sing ngadeg ing ngarepé Yéhuwah. Kabèh malaékat mau ana ing pengadilan swarga lan saben malaékat nduwé panggonan utawa tugasé dhéwé-dhéwé. (Dan. 7:9, 10, 13-18) Dadi, saka wahyu sing didelok Danièl, awaké dhéwé isa ngerti nèk kréta sing didelok Yèhèzkièl ya nggambarké kabèh malaékaté Yéhuwah.

12. Ngapa kok sinau soal wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi penting kanggo awaké dhéwé?

12 Awaké dhéwé kuwi ora sampurna. Dadi, awaké dhéwé biasané fokus karo apa ”sing kétok” sing mung ana sementara. Sétan ya mempengaruhi bèn awaké dhéwé mung mikirké kepénginané dhéwé. Tapi, Yéhuwah ngerti bèn awaké dhéwé ora terpengaruh, awaké dhéwé kudu fokus karo apa ”sing ora kétok”. (Wacanen 2 Korintus 4:18.) Mula, bèn awaké dhéwé ora terpengaruh, Yéhuwah mènèhi keterangan ing Alkitab, termasuk keterangan soal wahyu sing ditampa Yèhèzkièl. Merga ana keterangan kuwi, awaké dhéwé isa terus mikirké soal para malaékaté Yéhuwah.

”Majua!”

13, 14. (a) Yèhèzkièl nyritakké apa soal rodha-rodha krétané Yéhuwah? (b) Ngapa kok takhtané Yéhuwah digambarké ana rodhané?

13 Awalé, Yèhèzkièl nggatèkké ana kerub papat. Ing Bab 4, awaké dhéwé bakal mbahas apa sing isa disinaoni soal Yéhuwah saka kerub-kerub kuwi lan wajahé. Ning saiki, awaké dhéwé bakal mbahas rodha papat sing didelok Yèhèzkièl. Rodha kuwi ana ing sampingé kerub. Posisiné saben rodha ana ing pojok, dadi rodha papat kuwi mbentuk kothak. (Wacanen Yèhèzkièl 1:16-18.) Rodha-rodha kuwi kayané digawé saka watu krisolit. Watu krisolit kuwi kayané permata sing transparan sing wernané kuning utawa ijo kekuningan. Permata kuwi kétok bersinar lan apik banget.

14 Yèhèzkièl nyathet akèh keterangan soal rodha-rodhané kréta kuwi. Takhtané Yéhuwah ora kaya takhta liyané merga ana rodhané. Wektu mbayangké takhta, biasané awaké dhéwé mikir nèk takhta kuwi ora pindhah-pindhah. Takhtané raja biasané ya ora dipindhah-pindhah merga dhèwèké mung nguwasani sak wilayah. Ning, pamréntahané Yéhuwah ora kaya ngono. Kekuasaané Yéhuwah ora ana batasé. (Néh. 9:6) Kuwi kabèh nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Sing Mahakuwasa ing alam semesta.

15. Yèhèzkièl mènèhi keterangan apa soal rodha-rodha kuwi?

15 Yèhèzkièl nggumun banget ndelok rodha-rodha sing gedhé kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Rodha-rodha kuwi dhuwur banget lan kétok luar biasa.” Bayangna Yèhèzkièl mungkin nganti ndhangak wektu ndelok rodha-rodha sing gedhé lan dhuwur banget kuwi. Yèhèzkièl ya ngomong nèk ”ing sak ubengé rodha kuwi kebak mripat”. Tapi, sing paling unik yaiku bentuké rodha-rodha kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Ing saben rodha, ana rodha manèh.” Apa maksudé?

16, 17. (a) Apa maksudé ing saben rodha ana rodha manèh? (b) Saka keterangané Yèhèzkièl soal bentuké rodha, awaké dhéwé isa ngerti apa soal krétané Yéhuwah?

16 Kétoké, kuwi maksudé ing njeroné saben rodha, ana rodha manèh sing nyilang. Mula, Yèhèzkièl ngomong, ”Pas mlaku, rodha-rodha kuwi isa ing endi waé lan ora perlu ménggak-ménggok.” Saka keterangané Yèhèzkièl iki, awaké dhéwé isa ngerti apa soal krétané Yéhuwah?

17 Rodha-rodha kuwi dhuwur banget. Dadi, wektu rodha-rodha kuwi muter pisan waé, jarak sing diliwati isa adoh banget. Yèhèzkièl ya ngomong nèk kréta kuwi mlakuné cepet banget kaya kilat. (Yèh. 1:14) Ora ana ahli mesin sing isa nggawé rodha sing rancangané kaya ngono. Kréta kuwi isa mlaku ing arah endi waé lan isa ménggok tanpa ngurangi kecepatané. Ning, ora berarti mlakuné kréta kuwi ora jelas arahé. Ing sak ubengé rodha-rodhané kebak mripat. Dadi, kréta kuwi isa ndelok ing arah endi waé lan ngerti kabèh sing ana ing sekitaré.

Rodha-rodhané gedhé banget lan mlakuné cepet banget (Deloken paragraf 17)

18. Awaké dhéwé isa ngerti apa saka rodha sing gedhé lan kebak mripat kuwi?

18 Liwat wahyu sing ditampa Yèhèzkièl, Yéhuwah péngin ngandhani apa marang Yèhèzkièl lan umaté soal organisasiné ing swarga? Saka sing wis dibahas, awaké dhéwé dadi ngerti nèk organisasiné Yéhuwah ing swarga kuwi mulya lan luar biasa. Kuwi kétok saka rodha-rodha sing gedhé sing digawé saka permata sing bersinar. Awaké dhéwé ya wis mbahas nèk organisasiné Yéhuwah ing swarga kuwi isa ngerti apa waé. Kuwi kétok saka rodha-rodha sing kebak mripat. Yéhuwah dhéwé ya isa ndelok kabèh sing ana ing langit lan bumi. (WB. 15:3; Yér. 23:24) Terus, Yéhuwah ya nduwé jutaan malaékat. Para malaékat kuwi isa diutus menyang endi waé lan nglaporké apa sing diamati.​—Wacanen Ibrani 1:13, 14.

Merga bentuké nyilang, rodha kuwi isa mlaku ing arah endi waé lan isa ménggok tanpa ngurangi kecepatané (Deloken paragraf 17, 19)

19. Apa sing isa disinaoni soal Yéhuwah lan organisasiné ing swarga wektu ngerti nèk krétané Yéhuwah kuwi cepet banget lan isa mlaku ing arah endi waé?

19 Sakliyané kuwi, awaké dhéwé wis mbahas nèk kréta kuwi cepet banget lan isa mlaku ing arah endi waé. Organisasiné Yéhuwah ing swarga kuwi béda banget karo organisasi lan pamréntahané manungsa. Organisasi lan pamréntahané manungsa kuwi ora isa ngatasi masalah, bingung kudu piyé wektu keadaané berubah, lan akhiré hancur. Ning, organisasiné Yéhuwah ing swarga kuwi diarahké karo Gusti Allah sing ora kaku lan cepet nggawé perubahan sesuai karo sing dibutuhké. Kuwi sesuai karo arti jenengé Yéhuwah, yaiku Dhèwèké isa dadi apa waé bèn apa sing dikarepké isa kelakon. (Pa. 3:13, 14) Misalé, Yéhuwah isa dadi pejuang sing hébat bèn isa nylametké umaté. Ning, Yéhuwah isa cepet berubah dadi Bapak sing apikan. Dhèwèké gelem ngapurani lan nampa manèh wong sing bener-bener mertobat.​—Mzm. 30:5; Yés. 66:13.

20. Apa waé sing nggawé awaké dhéwé nganggep nèk krétané Yéhuwah kuwi luar biasa?

20 Sakwisé mbahas wahyu sing didelok Yèhèzkièl, mungkin awaké dhéwé mikir, ’Apa menurutku krétané Yéhuwah kuwi luar biasa?’ Awaké dhéwé kudu éling nèk krétané Yéhuwah terus mlaku nganti saiki. Awaké dhéwé ya kudu éling nèk Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat mesthi ngerti kesusahané awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé ing wektu sing pas. Organisasiné Yéhuwah mesthi isa ngadhepi masalah-masalah ing donya sing keadaané terus berubah iki. Sakliyané kuwi, Yèhèzkièl krungu swara sing mènèhi préntah marang rodha-rodhané krétané Yéhuwah, ”Majua!” (Yèh. 10:13) Kuwi ngélingké awaké dhéwé nèk organisasiné Yéhuwah terus maju. Nèk mikirké carané Yéhuwah ngarahké organisasiné, awaké dhéwé mesthi kagum banget lan péngin ngluhurké Yéhuwah.

Sing Ngendhalèni Kréta

21, 22. Apa sing nggawé bagéan-bagéan krétané Yéhuwah isa nyambung? Jelasna.

21 Saiki, Yèhèzkièl nggatèkké apa sing ana ing ndhuwuré rodha-rodha kuwi. Dhèwèké ndelok ”ana sing kaya lantai kristal sing mengkilap kaya ès”. (Yèh. 1:22) Ing ndhuwur sirahé kerub-kerub kuwi, ana lantai sing transparan lan mengkilap sing dibentangké. Wektu maca keterangan iki, wong-wong sing paham soal mesin mungkin mikir, ’Kok isa lantainé tetep ana ing ndhuwuré rodha-rodha kuwi? Kok isa krétané mlaku padahal rodha-rodhané ora ana sambungané?’ Awaké dhéwé kudu éling nèk kréta iki ana ing swarga, dadi ora dipengaruhi hukum alam. Awaké dhéwé ya kudu éling nèk ”roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi”. (Yèh. 1:20, 21) Piyé carané roh suci ngarahké kerub-kerub lan rodha-rodha kuwi?

22 Roh suciné Yéhuwah kuwi kekuwatan sing paling hébat ing alam semesta. Roh suci nyambungké bagéan-bagéan kréta kuwi, nggawé kréta kuwi isa mlaku, lan ngarahké kréta kuwi. Saiki, ayo mbahas keterangané Yèhèzkièl soal sapa sing ngendhalèni kréta kuwi.

Yèhèzkièl nganti angèl njelaské merga wahyu sing didelok kuwi luar biasa

23. Wektu njelaské soal Yéhuwah, Yèhèzkièl nggunakké kata apa, lan apa sebabé?

23 Wacanen Yèhèzkièl 1:26-28. Wektu nyritakké soal wahyu sing didelok, Yèhèzkièl kerep nggunakké kata ”kaya”, ”kétok kaya”, lan ”bentuké kaya”. Tapi, ing Yèhèzkièl 1:26-28, Yèhèzkièl luwih kerep nggunakké kata-kata kuwi merga sing didelok kuwi luar biasa nganti angèl dijelaské. Dhèwèké ndelok ”ana sing kétok kaya watu safir lan bentuké kaya takhta”. Bayangna takhta sing gedhé banget sing digawé saka watu safir biru. Terus, ing takhta kuwi ”ana sing kétok kaya manungsa” sing lungguh ing kana.

24, 25. (a) Pelangi ing takhtané Yéhuwah ngélingké awaké dhéwé soal apa? (b) Piyé perasaané para nabi wektu éntuk wahyu?

24 Sing lungguh ing takhta kuwi Yéhuwah. Tapi, Yèhèzkièl ora isa ndelok jelas merga kemuliaané Yéhuwah saka pinggang tekan ndhuwur lan saka pinggang tekan ngisor kuwi bersinar padhang banget. Saking padhangé, Yèhèzkièl nganti nutupi mripaté. Terus, Yèhèzkièl ndelok sesuatu sing apik banget. Yèhèzkièl ngomong, ”Ing sak ubengé, ana cahaya kaya pelangi ing méga pas udan.” Njenengan mesthi seneng ta nèk ndelok pelangi? Nèk ndelok pelangi, awaké dhéwé dadi isa éling karo kemuliaané Yéhuwah, Sing Nyiptakké awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya dadi éling karo perjanjian damai sing digawé Yéhuwah sakwisé Banjir Gedhé. (PD. 9:11-16) Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa, isa nggawé kabèh umaté ngrasa damai.​—Ibr. 13:20.

Pelangi ing takhtané Yéhuwah ngélingké awaké dhéwé nèk Dhèwèké isa nggawé kabèh umaté ngrasa damai (Deloken paragraf 24)

25 Piyé perasaané Yèhèzkièl wektu ndelok kemuliaané Yéhuwah? Yèhèzkièl nggumun lan ngrasa wedi banget. Dhèwèké nulis, ”Pas ndelok kuwi, aku sujud.” Wektu ndelok wahyu saka Yéhuwah, nabi-nabi liyané ya ngrasa kaya ngono. Nabi-nabi kuwi ngrasa ora ana apa-apané dibandhingké Yéhuwah. (Yés. 6:1-5; Dan. 10:8, 9; Why. 1:12-17) Tapi, sakwisé éntuk wahyu saka Yéhuwah, nabi-nabi kuwi bener-bener ngrasa dikuwatké. Yèhèzkièl ya ngrasa kaya ngono. Awaké dhéwé mesthi ya ngrasa dikuwatké nèk maca keterangan soal wahyu sing ditampa nabi-nabi.

26. Ngapa kok Yèhèzkièl ngrasa dikuwatké sakwisé éntuk wahyu saka Yéhuwah?

26 Yèhèzkièl mungkin ngrasa sedhih utawa kuwatir merga ndelok keadaané umaté Yéhuwah sing ditawan ing Babilon. Mula, wahyu saka Yéhuwah mesthi isa nguwatké dhèwèké. Ora soal umaté Yéhuwah ana ing Yérusalèm, Babilon, utawa panggonan liyané, organisasiné Yéhuwah ing swarga tetep perduli lan siap mbantu umaté Yéhuwah. Kabèh pamréntahan sing dikuwasani Sétan ora bakal isa nglawan Gusti Allah, sing ngendhalèni organisasiné ing swarga. (Wacanen Mazmur 118:6.) Sakliyané kuwi, Yèhèzkièl ndelok nèk krétané Yéhuwah cedhak karo manungsa. Kuwi kétok saka rodha-rodhané kréta sing mlaku ing lemah. (Yèh. 1:19) Dadi, Yéhuwah bener-bener perduli lan sayang karo umaté sing lagi ditawan.

Pengaruhé kanggo Njenengan

27. Apa pengaruhé wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kanggo awaké dhéwé?

27 Wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi mesthi ya ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Pancèn, Sétan terus ngupaya bèn ibadah sing murni marang Yéhuwah ora ana manèh. Dhèwèké péngin bèn awaké dhéwé mikir nèk Yéhuwah lan organisasiné kuwi ora perduli lan ora gelem mbantu awaké dhéwé. Ning, aja nganti awaké dhéwé mikir kaya ngono. (Mzm. 139:7-12) Awaké dhéwé isa niru Yèhèzkièl sing nganggep nèk organisasiné Yéhuwah kuwi luar biasa. Mungkin awaké dhéwé ora nganti sujud kaya Yèhèzkièl. Ning, awaké dhéwé kuduné tetep kagum karo organisasiné Yéhuwah ing swarga. Organisasi kuwi kuwat, mlakuné cepet, isa mlaku ing arah ngendi waé, cepet nggawé perubahan, lan hébat banget.

28, 29. Apa buktiné nèk krétané Yéhuwah terus mlaku saksuwéné satus taun iki?

28 Sakliyané ing swarga, Yéhuwah ya nduwé organisasi ing bumi. Pancèn, sing dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah ing bumi kuwi wong-wong sing ora sampurna. Ning merga dibantu Yéhuwah, wong-wong kuwi isa nindakké gawéan sing luar biasa, sing ora bakal isa ditindakké nèk mung ngendelké kemampuané dhéwé. (Yoh. 14:12) Buku Kratoné Allah Wis Mréntah! njelaské nèk umaté Yéhuwah wis nindakké gawéan nginjil sing luar biasa saksuwéné satus taun iki. Organisasiné Yéhuwah ya mulang umaté Yéhuwah, isa menang ing pengadilan, lan nggunakké tèknologi sing paling anyar kanggo nindakké apa sing dikarepké Yéhuwah.

29 Ing akhir jaman iki, ana akèh sing wis ditindakké bèn ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh. Nèk mikirké soal kuwi, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk krétané Yéhuwah nganti saiki terus mlaku. Awaké dhéwé mesthi nganggep nèk isa dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah lan nglayani Yéhuwah kuwi kesempatan sing berharga banget.​—Mzm. 84:10.

Organisasiné Yéhuwah ing bumi terus mlaku (Deloken paragraf 28, 29)

30. Apa sing bakal dibahas ing Bab 4?

30 Isih ana manèh sing isa disinaoni saka wahyu sing ditampa Yèhèzkièl. Ing Bab 4, awaké dhéwé bakal mbahas soal ”malaékat-malaékat” utawa kerub papat kuwi. Saka kerub papat kuwi, apa sing isa disinaoni soal Yéhuwah?

^ par. 1 Emas putih sing dimaksud Yèhèzkièl yaiku campuran emas lan pérak.

^ par. 5 Kuwi jaraké Yérusalèm saka Babilon. Tapi, jalur sing diliwati para tawanan mungkin jaraké ping pindhoné kuwi. (Deloken kothak ”Perjalanan sing Adoh menyang Babilon”.)