Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 6

”Akhirmu Wis Tekan”

”Akhirmu Wis Tekan”

YÈHÈZKIÈL 7:3

INTINÉ: Ramalané Yéhuwah soal hukuman kanggo Yérusalèm kelakon

1, 2. (a) Apa waé kelakuané Nabi Yèhèzkièl sing anèh banget? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Kelakuané kuwi nggambarké apa?

 WONG Yahudi sing ditawan ing Babilon krungu kabar soal Nabi Yèhèzkièl sing kelakuané anèh banget. Dhèwèké mung lungguh thok lan meneng waé nganti seminggu. Bar kuwi, dhèwèké mulih lan ora metu-metu saka omahé. Terus, dhèwèké metu saka omahé lan njupuk bata. Bata kuwi didèlèhké ing ngarepé lan diukir. Sakwisé kuwi, dhèwèké nggawé pager cilik ing sekitaré bata kuwi.​—Yèh. 3:10, 11, 15, 24-26; 4:1, 2.

2 Wong-wong sing ndelok kelakuané Yèhèzkièl kuwi mesthi bingung lan mikir, ’Dhèwèké kuwi ngapa ya?’ Ora let suwé, wong-wong Yahudi sing ditawan mulai ngerti nèk kelakuané Yèhèzkièl kuwi nggambarké apa sing bakal dialami bangsa Israèl merga wis nggawé Yéhuwah nesu. Apa sing bakal dialami bangsa kuwi? Apa akibaté? Apa pengaruhé kanggo umaté Yéhuwah jaman saiki?

’Njupuka Bata, Jupuken Gandum, Jupuken Pedhang sing Landhep’

3, 4. (a) Apa waé sing bakal kelakon wektu Yéhuwah ngukum Yérusalèm? (b) Piyé Yèhèzkièl meragakké peristiwa wektu Yérusalèm dikepung?

3 Kira-kira taun 613 SM, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl meragakké hukumané Yéhuwah kanggo Yérusalèm. Hukumané yaiku kutha kuwi bakal dikepung, penduduké bakal sengsara, lan kutha kuwi karo penduduké bakal dihancurké. * Ayo mbahas telu-teluné.

4 Yérusalèm dikepung. Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ’Njupuka bata, terus dèlèhna kuwi ing ngarepmu. Kowé kudu éthok-éthok ngepung kutha kuwi.’ (Wacanen Yèhèzkièl 4:1-3.) Bata nggambarké kutha Yérusalèm, lan Yèhèzkièl nggambarké pasukan Babilon. Yèhèzkièl dikongkon nggawé témbok pengepungan, kubu pengepungan, lan alat kanggo ndhobrak ing sekitaré bata kuwi. Kuwi nduduhké cara sing bakal digunakké mungsuh kanggo ngepung lan nyerang Yérusalèm. Bar kuwi, Yèhèzkièl dikongkon ndèlèhké ”wajan datar saka wesi” ing antarané dhèwèké karo bata kuwi. Kuwi nduduhké nèk pasukan sing bakal nyerang Yérusalèm kuwat banget. Terus, Yèhèzkièl dikongkon ”madhep kutha kuwi”. Kuwi dadi ”tandha kanggo wong Israèl” nèk bakal ana peristiwa sing marahi wong-wong kagèt. Yéhuwah bakal nggunakké pasukan mungsuh kanggo ngepung Yérusalèm, senajan Yérusalèm kuwi kutha sing penting kanggo umaté Gusti Allah lan baité Gusti Allah ana ing kono.

5. Piyé Yèhèzkièl meragakké apa sing bakal dialami penduduk Yérusalèm?

5 Penduduk Yérusalèm sengsara. Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ’Jupuken gandum, barli, kacang babi, kacang, sekoi, lan gandum spèlta. Terus gawénen dadi roti. Timbangen kuwi, lan saben dina panganen 20 syèkel [kira-kira 230 gram].’ Terus Yéhuwah ngomong manèh, ”Persediaan pangan ing Yérusalèm bakal Tak kurangi.” (Yèh. 4:9-16) Saiki, Yèhèzkièl wis ora nggambarké pasukan Babilon manèh, tapi dhèwèké nggambarké penduduk Yérusalèm. Peragaané Yèhèzkièl kuwi nduduhké nèk persediaan pangan bakal dadi saya sithik merga Yérusalèm dikepung. Wektu kuwi, wong-wong bakal nggawé roti saka campuran bahan sing ora kaya biasané. Kuwi nduduhké nèk wong-wong bakal kepeksa mangan apa waé sing isa dipangan. Kelaparan sing bakal dialami penduduk Yérusalèm parah banget. Wektu njelaské soal kuwi, Yèhèzkièl nganti ngomong, ”Bapak bakal mangan anaké, lan anak bakal mangan bapaké.” Akèh wong ”bakal mati”. Wong-wong kuwi bakal ”kelaparan” lan akhiré ”mati kaya kena panah”.​—Yèh. 4:17; 5:10, 16.

6. (a) Peragaan apa waé sing diperagakké Yèhèzkièl? (b) Apa maksudé wektu Yéhuwah ngomong ”timbangen lan baginen rambutmu”?

6 Kutha Yérusalèm karo penduduké dihancurké. Saiki, ana loro peragaan sing diperagakké Yèhèzkièl. Pertama, Yèhèzkièl meragakké piyé carané Yéhuwah ngukum wong Yérusalèm. Yéhuwah kandha, ”Jupuken pedhang sing landhep sing isa dadi pisau cukur.” (Wacanen Yèhèzkièl 5:1, 2.) Wektu Yèhèzkièl njupuk pedhang, kuwi nggambarké nèk Yéhuwah bakal ngukum wong Yérusalèm nggunakké pasukan Babilon. Keloro, Yèhèzkièl meragakké apa sing bakal dialami wong Yahudi. Yéhuwah kandha, ”Cukuren rambutmu lan jénggotmu.” Kuwi nggambarké nèk wong Yahudi bakal diserang lan dipatèni. Terus Yéhuwah ngomong manèh, ”Timbangen lan baginen rambutmu dadi telung bagéan.” Kuwi nggambarké nèk hukumané Yéhuwah kanggo kabèh penduduk Yérusalèm wis direncanakké tenanan.

7. Apa maksudé rambut sing (a) diobong? (b) dipotong? (c) disebar?

 7 Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl mbagi rambuté dadi telung bagéan. Ana sing diobong, dipotong, lan disebar. Apa maksudé? (Wacanen Yèhèzkièl 5:7-12.) Rambut sing diobong ing ”kutha kuwi” nggambarké nèk bakal ana penduduk Yérusalèm sing mati ing njero kutha. Rambut sing dipotong-potong ”ing sak ubengé kutha” nggambarké nèk bakal ana penduduk Yérusalèm sing dipatèni ing njaba kutha. Terus, rambut sing disebar nggambarké nèk bakal ana wong-wong sing mlayu saka Yérusalèm lan mencar ing dhaérah sing béda-béda. Tapi, ana ”pedhang” sing ”ngoyak rambut-rambut kuwi”. Maksudé, senajan manggon ing dhaérah liya, uripé wong-wong kuwi ora bakal tenang.

8. (a) Wong Yahudi nduwé harapan apa? (b) Apa buktiné nèk ramalan soal ’rambut sithik’ kelakon tenan?

8 Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl, ’Jupuken rambut kuwi sithik, terus buntelen kuwi ing klambimu.’ (Yèh. 5:3) Préntah kuwi nduduhké nèk wong Yahudi isih nduwé harapan. Harapan apa? Beberapa wong Yahudi sing mencar ing dhaérah liya bakal tetep urip. Ana ’rambut sithik’, maksudé wong-wong Yahudi, sing bakal bali ing Yérusalèm sakwisé 70 taun ditawan ing Babilon. (Yèh. 6:8, 9; 11:17) Ramalan kuwi kelakon tenan. Buktiné, pirang-pirang taun sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon, Nabi Hagai ngomong nèk ana wong Yahudi sing mbiyèn mencar saiki bali manèh ing Yérusalèm. Sing dimaksud Nabi Hagai yaiku ”wong-wong tuwa sing mbiyèn wis tau ndelok dhéwé omahé Gusti Allah”, utawa bait Salomo. (Ézr. 3:12; Hag. 2:1-3) Yéhuwah nepati janjiné nèk ibadah marang Dhèwèké bakal dadi murni manèh. Keterangan sing lengkap soal kuwi bakal dibahas ing Bab 9.​—Yèh. 11:17-20.

Hubungané Ramalané Yèhèzkièl karo Peristiwa ing Masa Depan

9, 10. Sing diperagakké Yèhèzkièl ngélingké awaké dhéwé karo peristiwa apa ing masa depan?

9 Sing diperagakké Yèhèzkièl ngélingké awaké dhéwé karo peristiwa sing bakal kelakon ing masa depan. Mbiyèn, Yéhuwah nggunakké Babilon kanggo nyerang Yérusalèm. Sukmbèn, Yéhuwah nggunakké pemimpin politik kanggo nyerang agama palsu. (Why. 17:16-18) Sing dialami Yérusalèm mbiyèn kuwi ”bencana sing luar biasa”. Sukmbèn, ”sengsara gedhé” lan Armagédon ya dadi peristiwa sing luar biasa ”sing durung tau kelakon” sakdurungé.​—Yèh. 5:9; 7:5; Mat. 24:21.

10 Alkitab njelaské nèk wong-wong sing mauné ndhukung agama palsu bakal tetep urip sakwisé agama palsu dihancurké. Wong-wong kuwi bakal kewedèn lan ndhelik karo wong-wong liyané. (Za. 13:4-6; Why. 6:15-17) Peristiwa kuwi ngélingké awaké dhéwé karo wong-wong Yérusalèm sing tetep urip wektu Yérusalèm dihancurké. Wong-wong kuwi mencar ing dhaérah liya kaya ”kabur kena angin”. Tapi, kaya sing dibahas ing  paragraf 7, senajan wong-wong kuwi berhasil mlayu, ’pedhangé’ Yéhuwah ”ngoyak” wong-wong kuwi. (Yèh. 5:2) Kuwi ya bakal dialami wong-wong sing mauné ndhukung agama palsu. Wong-wong kuwi ora isa ndhelik saka pedhangé Yéhuwah. Pas Armagédon, wong-wong kuwi bakal dipatèni bareng karo wong liyané sing sipaté kaya kambing.​—Yèh. 7:4; Mat. 25:33, 41, 46; Why. 19:15, 18.

Awaké dhéwé dadi ”bisu”, maksudé ora martakké kabar apik manèh

11, 12. (a) Sakwisé mbahas ramalané Yèhèzkièl soal Yérusalèm sing dikepung, piyé pandangané awaké dhéwé soal gawéan nginjil? (b) Pas sengsara gedhé, awaké dhéwé mungkin bakal nyampèkké berita apa?

11 Sakwisé mbahas ramalané Yèhèzkièl, piyé pandangané awaké dhéwé soal gawéan nginjil? Merga wektuné tinggal sithik, awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané ndadèkké ’wong-wong saka kabèh bangsa dadi murid’, maksudé dadi umaté Yéhuwah. (Mat. 28:19, 20; Yèh. 33:14-16) Pas pemimpin politik, sing digambarké kaya ”tongkat”, mulai nyerang agama palsu, awaké dhéwé wis ora martakké kabar apik. (Yèh. 7:10) Wektu kuwi, awaké dhéwé kaya Yèhèzkièl sing dadi ”bisu”, maksudé ora martakké kabar apik manèh. (Yèh. 3:26, 27; 33:21, 22) Sakwisé agama palsu dihancurké, wong-wong bakal ngupaya ”nggolèk wahyu saka nabi”, utawa nggolèk petunjuk bèn isa slamet. (Yèh. 7:26) Tapi, upayané wong-wong kuwi sia-sia merga kesempatan dadi muridé Yésus wis ora ana manèh.

12 Senajan wektu kuwi awaké dhéwé wis ora martakké kabar apik, ning tetep ana berita sing kudu disampèkké marang wong-wong. Pas sengsara gedhé, awaké dhéwé mungkin bakal nyampèkké berita penghukuman sing digambarké kaya udan ès. Kuwi dadi tandha sing jelas nèk wong jahat bakal disingkirké.​—Why. 16:21.

”Kuwi Wis Cedhak”

13. Ngapa kok Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl turonan ing sebelah kiwa lan sebelah tengen?

13 Yèhèzkièl wis meragakké piyé carané Yérusalèm dihancurké. Saiki, Yèhèzkièl bakal meragakké kapan peristiwa kuwi kelakon. Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl turonan ing sebelah kiwa nganti 390 dina lan turonan ing sebelah tengen nganti 40 dina. Yèhèzkièl meragakké kuwi sedina mung beberapa jam. Sedina diétung setaun. (Wacanen Yèhèzkièl 4:4-6; Wi. 14:34) Peragaané Yèhèzkièl kuwi nggambarké kapan Yérusalèm bakal dihancurké, yaiku sakwisé 390 taun wong Israèl nggawé kesalahan lan sakwisé 40 taun wong Yéhuda nggawé kesalahan. Wong Israèl nggawé kesalahan mulai taun 997 SM wektu kerajaan 12 suku dibagi loro. (1 Raj. 12:12-20) Wong Yéhuda nggawé kesalahan mulai taun 647 SM. Wektu kuwi, Nabi Yérémia dikongkon nyampèkké berita penghukuman kanggo kerajaan Yéhuda. (Yér. 1:1, 2, 17-19; 19:3, 4) Akhiré, Yérusalèm dihancurké pas taun 607 SM. Kuwi pas banget karo étungan sing diramalké Yéhuwah. *

Piyé Yèhèzkièl meragakké kapan Yérusalèm dihancurké? (Deloken paragraf 13)

14. (a) Apa buktiné nèk Yèhèzkièl yakin banget nèk rencanané Yéhuwah bakal kelakon tepat waktu? (b) Apa sing bakal kelakon pas Yérusalèm arep dihancurké?

14 Wektu Yèhèzkièl ngramalké soal 390 dina lan 40 dina, dhèwèké mungkin durung ngerti kapan persisé Yérusalèm dihancurké. Tapi beberapa taun sakdurungé Yérusalèm dihancurké, Yèhèzkièl ping bola-bali nyampèkké berita penghukuman kanggo wong Yahudi. Yèhèzkièl kandha, ”Akhirmu wis tekan.” (Wacanen Yèhèzkièl 7:3, 5-10.) Kuwi nduduhké nèk Yèhèzkièl yakin banget nèk rencanané Yéhuwah bakal kelakon tepat waktu. (Yés. 46:10) Sakliyané kuwi, Yèhèzkièl ya ngramalké apa sing bakal kelakon pas Yérusalèm arep dihancurké. Dhèwèké kandha, ”Bakal terus-terusan ana bencana.” Akibaté, uripé wong-wong bakal dadi tambah susah. Agama lan pamréntahan ya bakal hancur.​—Yèh. 7:11-13, 25-27

Yérusalèm sing dikepung dadi kaya ’panci’ ing ndhuwur ”geni” (Deloken paragraf 15)

15. Apa waé ramalané Yèhèzkièl sing kelakon mulai taun 609 SM?

15 Beberapa taun sakwisé Yèhèzkièl nyampèkké berita penghukuman, ramalan soal Yérusalèm sing dihancurké mulai kelakon. Taun 609 SM, Yèhèzkièl ngerti nèk Yérusalèm mulai diserang. Wektu kuwi, ana swara trompèt sing dadi tandha nèk penduduk Yérusalèm kudu ngumpul kanggo njaga kutha. Ning, kaya sing diramalké Yèhèzkièl, ”ora ana sing maju perang”. (Yèh. 7:14) Ora ana sing ngupaya njaga kutha saka serangané Babilon. Mungkin ana wong Yahudi sing mikir nèk Yéhuwah bakal nylametké umaté kaya mbiyèn pas pasukan Asiria nyerang Yérusalèm. Mbiyèn, Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo matèni pasukan Asiria. (2 Raj. 19:32) Ning, wektu Yérusalèm diserang pasukan Babilon, Yéhuwah ora ngutus malaékaté kanggo nylametké wong-wong kuwi. Bar kuwi, kutha Yérusalèm sing dikepung dadi kaya ’panci’ sing didèlèhké ing ndhuwur ”geni”, lan penduduk Yérusalèm dadi kaya ”potongan daging” ing panci kuwi. (Yèh. 24:1-10) Sakwisé sengsara merga 18 sasi dikepung, Yérusalèm akhiré dihancurké.

”Klumpukna Harta ing Swarga”

16. Apa buktiné nèk awaké dhéwé yakin banget nèk rencanané Yéhuwah bakal kelakon tepat waktu?

16 Apa sing isa disinaoni saka ramalané Yèhèzkièl? Apa hubungané ramalané Yèhèzkièl karo berita sing disampèkké wektu nginjil lan tanggepané wong-wong wektu krungu berita kuwi? Yéhuwah wis nentokké kapan agama palsu bakal disingkirké. Rencana kuwi mesthi ya bakal kelakon tepat waktu. (2 Ptr. 3:9, 10; Why. 7:1-3) Awaké dhéwé ora ngerti kapan persisé rencana kuwi kelakon. Tapi kaya Yèhèzkièl, awaké dhéwé bakal terus manut karo préntahé Yéhuwah kanggo ngandhani wong-wong, ”Akhir kuwi wis cedhak. Akhir kuwi bakal teka.” Ngapa kok awaké dhéwé kudu terus ngandhani wong-wong? Merga keadaané awaké dhéwé padha kaya jamané Yèhèzkièl. * Mbiyèn, akèh wong ora percaya karo ramalané Yèhèzkièl nèk Yérusalèm bakal dihancurké. (Yèh. 12:27, 28) Ning bar kuwi, ana wong-wong Yahudi sing ditawan ing Babilon sing péngin manut karo Yéhuwah lan akhiré bali manèh ing Yérusalèm. (Yés. 49:8) Jaman saiki ya padha. Akèh wong ora percaya nèk wong-wong jahat sedhéla manèh bakal disingkirké. (2 Ptr. 3:3, 4) Ning mumpung isih ana wektu, awaké dhéwé péngin mbantu wong sing rendah hati bèn dadi umaté Yéhuwah lan isa urip saklawasé.​—Mat. 7:13, 14; 2 Kor. 6:2.

Senajan ana sing ora gelem ngrungokké, awaké dhéwé terus nggolèki wong sing rendah hati (Deloken paragraf 16)

Ngapa kok ”péraké” wong Yérusalèm ”dibuwang ing dalan-dalan”? (Deloken paragraf 17)

17. Apa waé sing bakal kelakon pas sengsara gedhé?

17 Ramalané Yèhèzkièl ngélingké awaké dhéwé karo apa sing bakal dialami agama palsu sukmbèn. Wektu kuwi, anggota-anggotané ora bakal ”maju perang” kanggo mbéla agamané. Wong-wong kuwi ”tangané padha lemes” lan ”ndredheg” merga wong-wong kuwi njaluk tulung, ”Gusti, Gusti,” ning ora ana sing nulungi. (Yèh. 7:3, 14, 17, 18; Mat. 7:21-23) Terus, ana peristiwa apa manèh? (Wacanen Yèhèzkièl 7:19-21.) Sukmbèn, keadaané wong-wong padha kaya penduduk Yérusalèm mbiyèn. Yéhuwah ngomong, ”Péraké bakal dibuwang ing dalan-dalan.” Pas sengsara gedhé, wong-wong bakal sadhar nèk dhuwit ora isa nylametké wong-wong kuwi.

18. Apa manèh sing isa disinaoni saka ramalané Yèhèzkièl?

18 Apa manèh sing isa disinaoni saka ramalané Yèhèzkièl? Awaké dhéwé kudu ngutamakké sing bener-bener penting. Pikirna: Pas Yérusalèm dikepung lan arep dihancurké, penduduké lagi ngerti apa sing kudu diutamakké. Wong-wong kuwi sadhar nèk harta ora isa nylametké. Mula, wong-wong kuwi mbuwang hartané lan ”nggolèk wahyu saka nabi”, tapi kuwi wis telat. (Yèh. 7:26) Ning, awaké dhéwé ora kaya ngono. Awaké dhéwé wis ngerti nèk ora suwé manèh wong-wong jahat bakal disingkirké. Mula, merga percaya karo janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé ngerti apa sing kudu diutamakké. Awaké dhéwé bakal ngupaya nglumpukké harta ing swarga sing ora bakal ilang utawa ”dibuwang ing dalan-dalan”.​—Wacanen Matius 6:19-21, 24.

19. Dadi kesimpulané, apa waé sing isa disinaoni saka ramalané Yèhèzkièl?

19 Dadi kesimpulané, apa waé sing isa disinaoni saka ramalané Yèhèzkièl soal Yérusalèm sing dihancurké? Awaké dhéwé diélingké nèk wektuné tinggal sithik kanggo mbantu wong-wong dadi umaté Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil. Awaké dhéwé mesthi seneng banget wektu ana wong sing gelem ngibadah marang Yéhuwah. Tapi, nèk wong-wong ora gelem ngibadah marang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal niru Yèhèzkièl lan terus ngandhani wong-wong kuwi, ”Akhirmu wis tekan.” (Yèh. 3:19, 21; 7:3) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu terus ngendelké Yéhuwah lan ngutamakké ibadah marang Dhèwèké.​—Mzm. 52:7, 8; WB. 11:28; Mat. 6:33.

^ par. 3 Kok isa awaké dhéwé nyimpulké nèk Yèhèzkièl meragakké kabèh kuwi ing ngarepé wong-wong? Merga Yéhuwah tau ngongkon Yèhèzkièl meragakké manggang roti lan nggawa metu barang-barang ”ing ngarepé wong-wong”.​—Yèh. 4:12; 12:7.

^ par. 13 Yérusalèm sing dihancurké kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ora mung ngukum kerajaan loro suku ing Yéhuda, ning ya ngukum kerajaan sepuluh suku ing Israèl. (Yér. 11:17; Yèh. 9:9, 10) Deloken Pemahaman Alkitab, Jil. 1, hlm. 1335, sing judhulé ”Kronologi​—Dari Tahun 997 SM Sampai Yérusalèm Ditelantarkan”.

^ par. 16 Ing Yèhèzkièl 7:5-7, Yéhuwah ngomong ”bakal teka”, ”wis cedhak”, ”wis teka”, lan ”bakal tekan wektuné” kanggo nduduhké nèk wektuné Yérusalèm dihancurké wis cedhak banget.